Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #133 Translated in Jawa

وَكَذَٰلِكَ نُوَلِّي بَعْضَ الظَّالِمِينَ بَعْضًا بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Lan ing dinané Panjene- ngané angimpun dhèwèké kabèh; É, grombolaning Jin! temen kowé wis anjupuki kèh-kèhaning manusa. Lan para mitrané, saka antaraning para manusa, bakal aca- lathu: Pangéran kawula! kawula sami mamrih pakolih sawenèh sawenèhipun saha kawula sampun sami dumugi ing ubaya kawula ingkang sampun Tuwan ubayak- aken ing kawula. Panjenengané bakal ngandika: Geni iku pang- gonanira, bakal padha dudunung ing kono, kajaba manawa ana kaperenging karsané Allah; sayekti Pangéranira iku Wicaksana, Angudanèni
يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ أَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِنْكُمْ يَقُصُّونَ عَلَيْكُمْ آيَاتِي وَيُنْذِرُونَكُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا ۚ قَالُوا شَهِدْنَا عَلَىٰ أَنْفُسِنَا ۖ وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَشَهِدُوا عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ أَنَّهُمْ كَانُوا كَافِرِينَ
Lan kaya mangkono ang- gon Ingsun agawé mimitrané sawenèhé para wong kang atindak dudu marang sawenèhé, amarga saka barang kang wus padha pinakolih
ذَٰلِكَ أَنْ لَمْ يَكُنْ رَبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرَىٰ بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا غَافِلُونَ
E, grombolaning para jin lan manusa! apa ora ana utusan saka ing antaranira kang padha anekani sira, anyaritakaké tim- balan-timbalan-Ingsun marang sira sarta apépéling ing sira prakara sapatemon ing dinanira iki? Bakal padha matur: “Kawula aneksèni dhateng badan kawula piyambak,” sarta kauripan donya iki wus angapusi dhèwèké, apa déné dhèwèké bakal padha anek- sèni marang jiwané dhéwé, yèn sajatiné padha wong kafir
وَلِكُلٍّ دَرَجَاتٌ مِمَّا عَمِلُوا ۚ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ
Mangkono iku amarga Pangéranira ora bakal angrusak kutha-kutha kalawan panganiaya, kang mangka wongé padha léna
وَرَبُّكَ الْغَنِيُّ ذُو الرَّحْمَةِ ۚ إِنْ يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَسْتَخْلِفْ مِنْ بَعْدِكُمْ مَا يَشَاءُ كَمَا أَنْشَأَكُمْ مِنْ ذُرِّيَّةِ قَوْمٍ آخَرِينَ
Lan kabèh iku padha duwé drajat salaras karo apa kang padha dilakoni; lan ora pisan Pangéranira iku léna marang apa kang padha dilakoni

Choose other languages: