Surah Al-Anaam Ayahs #135 Translated in Jawa
ذَٰلِكَ أَنْ لَمْ يَكُنْ رَبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرَىٰ بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا غَافِلُونَ
E, grombolaning para jin lan manusa! apa ora ana utusan saka ing antaranira kang padha anekani sira, anyaritakaké tim- balan-timbalan-Ingsun marang sira sarta apépéling ing sira prakara sapatemon ing dinanira iki? Bakal padha matur: “Kawula aneksèni dhateng badan kawula piyambak,” sarta kauripan donya iki wus angapusi dhèwèké, apa déné dhèwèké bakal padha anek- sèni marang jiwané dhéwé, yèn sajatiné padha wong kafir
وَلِكُلٍّ دَرَجَاتٌ مِمَّا عَمِلُوا ۚ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ
Mangkono iku amarga Pangéranira ora bakal angrusak kutha-kutha kalawan panganiaya, kang mangka wongé padha léna
وَرَبُّكَ الْغَنِيُّ ذُو الرَّحْمَةِ ۚ إِنْ يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَسْتَخْلِفْ مِنْ بَعْدِكُمْ مَا يَشَاءُ كَمَا أَنْشَأَكُمْ مِنْ ذُرِّيَّةِ قَوْمٍ آخَرِينَ
Lan kabèh iku padha duwé drajat salaras karo apa kang padha dilakoni; lan ora pisan Pangéranira iku léna marang apa kang padha dilakoni
إِنَّ مَا تُوعَدُونَ لَآتٍ ۖ وَمَا أَنْتُمْ بِمُعْجِزِينَ
Lan Pangéranira iku Ing- kang-Sugih, Ingkang-Kagungan wilasa; manawa Panjenengané ngarsakaké, saged Panjenengané amecat sira lan anggentèkaké sapa kang dadi karsa-Né ing sapung- kurira, kaya déné anggoné Panje- nengané wus anuwuhaké sira saka wijining wong liya
قُلْ يَا قَوْمِ اعْمَلُوا عَلَىٰ مَكَانَتِكُمْ إِنِّي عَامِلٌ ۖ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ مَنْ تَكُونُ لَهُ عَاقِبَةُ الدَّارِ ۗ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ
Sayekti apa kang dianca- maké sira, masthi kalakon lan ora pisan sira bisa ngoncati . A
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
