Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #138 Translated in Jawa

إِنَّ مَا تُوعَدُونَ لَآتٍ ۖ وَمَا أَنْتُمْ بِمُعْجِزِينَ
Lan Pangéranira iku Ing- kang-Sugih, Ingkang-Kagungan wilasa; manawa Panjenengané ngarsakaké, saged Panjenengané amecat sira lan anggentèkaké sapa kang dadi karsa-Né ing sapung- kurira, kaya déné anggoné Panje- nengané wus anuwuhaké sira saka wijining wong liya
قُلْ يَا قَوْمِ اعْمَلُوا عَلَىٰ مَكَانَتِكُمْ إِنِّي عَامِلٌ ۖ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ مَنْ تَكُونُ لَهُ عَاقِبَةُ الدَّارِ ۗ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ
Sayekti apa kang dianca- maké sira, masthi kalakon lan ora pisan sira bisa ngoncati . A
وَجَعَلُوا لِلَّهِ مِمَّا ذَرَأَ مِنَ الْحَرْثِ وَالْأَنْعَامِ نَصِيبًا فَقَالُوا هَٰذَا لِلَّهِ بِزَعْمِهِمْ وَهَٰذَا لِشُرَكَائِنَا ۖ فَمَا كَانَ لِشُرَكَائِهِمْ فَلَا يَصِلُ إِلَى اللَّهِ ۖ وَمَا كَانَ لِلَّهِ فَهُوَ يَصِلُ إِلَىٰ شُرَكَائِهِمْ ۗ سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ
Calathua: E, bangsaku! pa- dha anglakonana ing sabisanira; déné aku iya nglakoni; lah sira bakal tumuli padha weruh, sapa sing bakal olèh wekasaning eng- gon ; sayekti ora begja para wong kang atindak dudu
وَكَذَٰلِكَ زَيَّنَ لِكَثِيرٍ مِنَ الْمُشْرِكِينَ قَتْلَ أَوْلَادِهِمْ شُرَكَاؤُهُمْ لِيُرْدُوهُمْ وَلِيَلْبِسُوا عَلَيْهِمْ دِينَهُمْ ۖ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا فَعَلُوهُ ۖ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُونَ
Lan dhèwèké padha nisi- haké sabagéan kanggo Allah saka barang kang katitahaké déning Panjenengané kang arupa tatandu- ran lan rajakaya, banjur padha calathu: Iki bagéané Allah – mang- kono panemuné – lan iki bagéané kanthi-kanthiku; déné apa kang dadi bagéané kanthi-kanthiné lah ora tumeka marang Allah, lah apa kang dadi bagéané Allah, lah iku tumeka marang kanthi-kanthiné; ala barang kang padha dipancasi iku
وَقَالُوا هَٰذِهِ أَنْعَامٌ وَحَرْثٌ حِجْرٌ لَا يَطْعَمُهَا إِلَّا مَنْ نَشَاءُ بِزَعْمِهِمْ وَأَنْعَامٌ حُرِّمَتْ ظُهُورُهَا وَأَنْعَامٌ لَا يَذْكُرُونَ اسْمَ اللَّهِ عَلَيْهَا افْتِرَاءً عَلَيْهِ ۚ سَيَجْزِيهِمْ بِمَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Lan kaya mangkono para kanthi-kanthiné anggoné amaès- maèsi tumrap kèh-kèhané para manembah pangéran akèh amatèni anak-anaké, supaya bisa ang- rusakaké dhèwèké sarta supaya ametengaké agamané marang dhè- wèké; lan manawa Allah angar- sakna, ora bakal dhèwèké padha nindakaké iku, mulané padha sira togna baé dalah sabarang dora- carané

Choose other languages: