Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #119 Translated in Jawa

وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ صِدْقًا وَعَدْلًا ۚ لَا مُبَدِّلَ لِكَلِمَاتِهِ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Lah apa ta aku dadak golèk juru-mutusi saliyané Allah? Mang- ka Panjenengané iku kang anu- runaké marang sira kitab kang terang-awijang; lan para kang padha Ingsun paringi kitab padha weruh yèn sayektiné iku katu- runaké saka Pangéranira ing dalem yekti; mulané aja sira padha dadi èwoné kang padha madoni
وَإِنْ تُطِعْ أَكْثَرَ مَنْ فِي الْأَرْضِ يُضِلُّوكَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ۚ إِنْ يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ هُمْ إِلَّا يَخْرُصُونَ
Lan wis kalakon sabdaning Pangéranira kalawan nyata lan adil; ora ana kang bisa angowahi marang sabda-Né, lan Panjene- ngané iku Ingkang-Miyarsa, Ing- kang-Ngudanèni
إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ مَنْ يَضِلُّ عَنْ سَبِيلِهِ ۖ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ
Lan yèn sira manut kèh- kèhané kang ana ing bumi, iku bakal padha nasaraké sira saka dadalaning Allah; ora liya dhè- wèké iku mung padha manut panyana, lan ora liya mung padha goroh
فَكُلُوا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ إِنْ كُنْتُمْ بِآيَاتِهِ مُؤْمِنِينَ
Sayèkti, Pangéranira – Pan- jenengané iku luwih ngudanèni sapa kang sasar saka dadalan-É, sarta Panjenengané iku luwih ngudanèni marang kang padha nurut dalan bener
وَمَا لَكُمْ أَلَّا تَأْكُلُوا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ وَقَدْ فَصَّلَ لَكُمْ مَا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ إِلَّا مَا اضْطُرِرْتُمْ إِلَيْهِ ۗ وَإِنَّ كَثِيرًا لَيُضِلُّونَ بِأَهْوَائِهِمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِالْمُعْتَدِينَ
Mulané padha mangana apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, manawa sira iku wong kang angèstu marang timbalan-timbalan-É

Choose other languages: