Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #122 Translated in Jawa

فَكُلُوا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ إِنْ كُنْتُمْ بِآيَاتِهِ مُؤْمِنِينَ
Sayèkti, Pangéranira – Pan- jenengané iku luwih ngudanèni sapa kang sasar saka dadalan-É, sarta Panjenengané iku luwih ngudanèni marang kang padha nurut dalan bener
وَمَا لَكُمْ أَلَّا تَأْكُلُوا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ وَقَدْ فَصَّلَ لَكُمْ مَا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ إِلَّا مَا اضْطُرِرْتُمْ إِلَيْهِ ۗ وَإِنَّ كَثِيرًا لَيُضِلُّونَ بِأَهْوَائِهِمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِالْمُعْتَدِينَ
Mulané padha mangana apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, manawa sira iku wong kang angèstu marang timbalan-timbalan-É
وَذَرُوا ظَاهِرَ الْإِثْمِ وَبَاطِنَهُ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَكْسِبُونَ الْإِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوا يَقْتَرِفُونَ
Lan apa ta karanané, déné sira padha ora gelem mangan apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, lan temen Pan- jenengané wis amijangaké ing sira apa kang Panjenengané anglarangi ingatasé sira – kajaba barang kang sira kepeksa mangkono; lan sayek- ti temen akèh kang arep anasaraké kalawan pépénginané kang asor, jalaran tanpa kawruh; sayek- ti, Pangéranira – Panjenengané iku luwih angudanèni marang wong kang padha anglangkahi wates
وَلَا تَأْكُلُوا مِمَّا لَمْ يُذْكَرِ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ وَإِنَّهُ لَفِسْقٌ ۗ وَإِنَّ الشَّيَاطِينَ لَيُوحُونَ إِلَىٰ أَوْلِيَائِهِمْ لِيُجَادِلُوكُمْ ۖ وَإِنْ أَطَعْتُمُوهُمْ إِنَّكُمْ لَمُشْرِكُونَ
Lan padha atinggala dosa lahir lan dosa batin; sayekti para kang padha amakolih dosa, bakal winales kalawan apa kang wis padha pinakolih
أَوَمَنْ كَانَ مَيْتًا فَأَحْيَيْنَاهُ وَجَعَلْنَا لَهُ نُورًا يَمْشِي بِهِ فِي النَّاسِ كَمَنْ مَثَلُهُ فِي الظُّلُمَاتِ لَيْسَ بِخَارِجٍ مِنْهَا ۚ كَذَٰلِكَ زُيِّنَ لِلْكَافِرِينَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan aja padha mangan barang kang ing kono asmaning Allah ora disebut, lan sayekti iku temen panerak; lan sayekti para sétan iku temen padha abibisik marang para mitrané, supaya padha madonana sira; lan manawa sira ambangun turut dhèwèké, sayekti sira iku wong kang manembah pangéran akèh

Choose other languages: