Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #124 Translated in Jawa

وَذَرُوا ظَاهِرَ الْإِثْمِ وَبَاطِنَهُ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَكْسِبُونَ الْإِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوا يَقْتَرِفُونَ
Lan apa ta karanané, déné sira padha ora gelem mangan apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, lan temen Pan- jenengané wis amijangaké ing sira apa kang Panjenengané anglarangi ingatasé sira – kajaba barang kang sira kepeksa mangkono; lan sayek- ti temen akèh kang arep anasaraké kalawan pépénginané kang asor, jalaran tanpa kawruh; sayek- ti, Pangéranira – Panjenengané iku luwih angudanèni marang wong kang padha anglangkahi wates
وَلَا تَأْكُلُوا مِمَّا لَمْ يُذْكَرِ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ وَإِنَّهُ لَفِسْقٌ ۗ وَإِنَّ الشَّيَاطِينَ لَيُوحُونَ إِلَىٰ أَوْلِيَائِهِمْ لِيُجَادِلُوكُمْ ۖ وَإِنْ أَطَعْتُمُوهُمْ إِنَّكُمْ لَمُشْرِكُونَ
Lan padha atinggala dosa lahir lan dosa batin; sayekti para kang padha amakolih dosa, bakal winales kalawan apa kang wis padha pinakolih
أَوَمَنْ كَانَ مَيْتًا فَأَحْيَيْنَاهُ وَجَعَلْنَا لَهُ نُورًا يَمْشِي بِهِ فِي النَّاسِ كَمَنْ مَثَلُهُ فِي الظُّلُمَاتِ لَيْسَ بِخَارِجٍ مِنْهَا ۚ كَذَٰلِكَ زُيِّنَ لِلْكَافِرِينَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan aja padha mangan barang kang ing kono asmaning Allah ora disebut, lan sayekti iku temen panerak; lan sayekti para sétan iku temen padha abibisik marang para mitrané, supaya padha madonana sira; lan manawa sira ambangun turut dhèwèké, sayekti sira iku wong kang manembah pangéran akèh
وَكَذَٰلِكَ جَعَلْنَا فِي كُلِّ قَرْيَةٍ أَكَابِرَ مُجْرِمِيهَا لِيَمْكُرُوا فِيهَا ۖ وَمَا يَمْكُرُونَ إِلَّا بِأَنْفُسِهِمْ وَمَا يَشْعُرُونَ
Apa ta wong kang mauné mati banjur Ingsun uripaké, lan Ingsun gawèkaké papadhang kanggo lumaku ing antarané para manusa, iku padha karo wong kang sanépané ana sajroning pepeteng kang lilimengan, kang dhèwèké tanpa bisa metu saka ing kono? Kaya mangkono iku anggoné tumrapé para wong kafir pinaès- paès apa kang wus padha dilakoni
وَإِذَا جَاءَتْهُمْ آيَةٌ قَالُوا لَنْ نُؤْمِنَ حَتَّىٰ نُؤْتَىٰ مِثْلَ مَا أُوتِيَ رُسُلُ اللَّهِ ۘ اللَّهُ أَعْلَمُ حَيْثُ يَجْعَلُ رِسَالَتَهُ ۗ سَيُصِيبُ الَّذِينَ أَجْرَمُوا صَغَارٌ عِنْدَ اللَّهِ وَعَذَابٌ شَدِيدٌ بِمَا كَانُوا يَمْكُرُونَ
Lan kaya mangkono ing dalem siji-sijining nagara Ingsun andadèkaké para gedhéné dadi wongé sing duraka, dimèn padha agawé upaya ana ing kono; lan ora liya anggoné padha agawé upaya iku kajaba tumama ing jiwané dhé- wé sarta padha ora rumasa

Choose other languages: