Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #109 Translated in Jawa

وَكَذَٰلِكَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ وَلِيَقُولُوا دَرَسْتَ وَلِنُبَيِّنَهُ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
Temen wus teka marang sira tandha-tandha yekti saka Pa- ngéranira; mulané sapa sing gelem andeleng, lah iya makolèhi marang jiwané dhéwé, lan sapa sing micak, lah iya mitunani marang dhèwèkè dhéwé; lan aku iki dudu juru- ngreksa tumrap marang sira
اتَّبِعْ مَا أُوحِيَ إِلَيْكَ مِنْ رَبِّكَ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ وَأَعْرِضْ عَنِ الْمُشْرِكِينَ
Lan kaya mangkono ang- gon Ingsun angambali timbalan- timbalan, lan dimèn dhèwèké padha ngucap: Èntukmu maca; lan iku supaya Ingsun anerangaké marang wong kang padha weruh
وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا أَشْرَكُوا ۗ وَمَا جَعَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ حَفِيظًا ۖ وَمَا أَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيلٍ
Manuta apa kang kawe- dharaké marang sira saka Pangéra- nira; ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; lan sira méngoa saka wong kang padha anjèjèri
وَلَا تَسُبُّوا الَّذِينَ يَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ فَيَسُبُّوا اللَّهَ عَدْوًا بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ كَذَٰلِكَ زَيَّنَّا لِكُلِّ أُمَّةٍ عَمَلَهُمْ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّهِمْ مَرْجِعُهُمْ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan yèn ta Allah angar- sakna, dhèwèké ora bakal padha anjèjèri , sarta Ingsun ora andadèkaké sira dadi panjaga tumrap dhèwèké, lan sira dudu juru-ngreksa ma- rang dhèwèké
وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ لَئِنْ جَاءَتْهُمْ آيَةٌ لَيُؤْمِنُنَّ بِهَا ۚ قُلْ إِنَّمَا الْآيَاتُ عِنْدَ اللَّهِ ۖ وَمَا يُشْعِرُكُمْ أَنَّهَا إِذَا جَاءَتْ لَا يُؤْمِنُونَ
Lan aja padha nyanyamah kang padha diuwuh saliyané Allah, mundhak dhèwèké padha anyanya- mah Allah angliwati wates amarga saka ora ngertiné. Kaya mangkono anggon-Ingsun amamaèsi tumrap siji-sijining umat pangga- wéné; tumuli marang Pangérané bakal enggoné bali, Panjenengané banjur bakal amartani dhèwèké apa kang wus padha dilakoni

Choose other languages: