Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #111 Translated in Jawa

وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا أَشْرَكُوا ۗ وَمَا جَعَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ حَفِيظًا ۖ وَمَا أَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيلٍ
Manuta apa kang kawe- dharaké marang sira saka Pangéra- nira; ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; lan sira méngoa saka wong kang padha anjèjèri
وَلَا تَسُبُّوا الَّذِينَ يَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ فَيَسُبُّوا اللَّهَ عَدْوًا بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ كَذَٰلِكَ زَيَّنَّا لِكُلِّ أُمَّةٍ عَمَلَهُمْ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّهِمْ مَرْجِعُهُمْ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan yèn ta Allah angar- sakna, dhèwèké ora bakal padha anjèjèri , sarta Ingsun ora andadèkaké sira dadi panjaga tumrap dhèwèké, lan sira dudu juru-ngreksa ma- rang dhèwèké
وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ لَئِنْ جَاءَتْهُمْ آيَةٌ لَيُؤْمِنُنَّ بِهَا ۚ قُلْ إِنَّمَا الْآيَاتُ عِنْدَ اللَّهِ ۖ وَمَا يُشْعِرُكُمْ أَنَّهَا إِذَا جَاءَتْ لَا يُؤْمِنُونَ
Lan aja padha nyanyamah kang padha diuwuh saliyané Allah, mundhak dhèwèké padha anyanya- mah Allah angliwati wates amarga saka ora ngertiné. Kaya mangkono anggon-Ingsun amamaèsi tumrap siji-sijining umat pangga- wéné; tumuli marang Pangérané bakal enggoné bali, Panjenengané banjur bakal amartani dhèwèké apa kang wus padha dilakoni
وَنُقَلِّبُ أَفْئِدَتَهُمْ وَأَبْصَارَهُمْ كَمَا لَمْ يُؤْمِنُوا بِهِ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَنَذَرُهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ
Lan dhèwèké padha supata dhemi Allah kalawan supatané kang abanget, yèn ana tandha yekti tumeka marang dhèwèké, iku mas- thi dhèwèké bakal padha angèstu. Calathua: Tandha-tandha yekti iku mung ana ing ngarsaning Allah; lan apa ta kang bakal meruhaké ing sira, yèn samangsa iku teka, dhèwèké bakal padha ora angèstu
وَلَوْ أَنَّنَا نَزَّلْنَا إِلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةَ وَكَلَّمَهُمُ الْمَوْتَىٰ وَحَشَرْنَا عَلَيْهِمْ كُلَّ شَيْءٍ قُبُلًا مَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا إِلَّا أَنْ يَشَاءَ اللَّهُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ يَجْهَلُونَ
Lan Ingsun bakal amba- likaké ati-atiné lan pandeleng- pandelengé, kaya anggoné padha ora angèstu ing iku dhèk sakawit lan padha Ingsun togaké ing pan- daluyané kanthi padha bingung

Choose other languages: