Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #114 Translated in Jawa

وَنُقَلِّبُ أَفْئِدَتَهُمْ وَأَبْصَارَهُمْ كَمَا لَمْ يُؤْمِنُوا بِهِ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَنَذَرُهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ
Lan dhèwèké padha supata dhemi Allah kalawan supatané kang abanget, yèn ana tandha yekti tumeka marang dhèwèké, iku mas- thi dhèwèké bakal padha angèstu. Calathua: Tandha-tandha yekti iku mung ana ing ngarsaning Allah; lan apa ta kang bakal meruhaké ing sira, yèn samangsa iku teka, dhèwèké bakal padha ora angèstu
وَلَوْ أَنَّنَا نَزَّلْنَا إِلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةَ وَكَلَّمَهُمُ الْمَوْتَىٰ وَحَشَرْنَا عَلَيْهِمْ كُلَّ شَيْءٍ قُبُلًا مَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا إِلَّا أَنْ يَشَاءَ اللَّهُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ يَجْهَلُونَ
Lan Ingsun bakal amba- likaké ati-atiné lan pandeleng- pandelengé, kaya anggoné padha ora angèstu ing iku dhèk sakawit lan padha Ingsun togaké ing pan- daluyané kanthi padha bingung
وَكَذَٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا شَيَاطِينَ الْإِنْسِ وَالْجِنِّ يُوحِي بَعْضُهُمْ إِلَىٰ بَعْضٍ زُخْرُفَ الْقَوْلِ غُرُورًا ۚ وَلَوْ شَاءَ رَبُّكَ مَا فَعَلُوهُ ۖ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُونَ
Lan sanajan ta Ingsun anurunna para malaikat marang dhèwèké lan para wong mati padha angandhanana dhèwèké sarta Ingsun angimpun samubarang ana ing ngarepé, ora bakal dhèwèké padha angèstu kajaba manawa Allah angarsakaké, ananging kèkèhanè dhèwèké iku padha bodho
وَلِتَصْغَىٰ إِلَيْهِ أَفْئِدَةُ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ وَلِيَرْضَوْهُ وَلِيَقْتَرِفُوا مَا هُمْ مُقْتَرِفُونَ
Lan kaya mangkono, Ing- sun andadékaké mungsuh tumrap saben-saben nabi sétan manusa lan jin, kang sawenèh abibisik ma- rang sawenèhé pangucap pupu- lasan pangapus-krama, lan saupa- ma Pangéranira angarsakna, dhè- wèkè ora bakal padha anindakaké iku, mulané sira togna baé dhèwèké dalah sabarang dora- carané
أَفَغَيْرَ اللَّهِ أَبْتَغِي حَكَمًا وَهُوَ الَّذِي أَنْزَلَ إِلَيْكُمُ الْكِتَابَ مُفَصَّلًا ۚ وَالَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَعْلَمُونَ أَنَّهُ مُنَزَّلٌ مِنْ رَبِّكَ بِالْحَقِّ ۖ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ
Lan supaya ati-atiné para kang padha ora angèstu marang akhirat tumiyunga mrono sarta supaya padha kasdua marang iku apa déné dimèn padha apakolih apa kang bakal pinakolih

Choose other languages: