Surah Al-Ahqaf Ayahs #14 Translated in Jawa
قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ كَانَ مِنْ عِنْدِ اللَّهِ وَكَفَرْتُمْ بِهِ وَشَهِدَ شَاهِدٌ مِنْ بَنِي إِسْرَائِيلَ عَلَىٰ مِثْلِهِ فَآمَنَ وَاسْتَكْبَرْتُمْ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ
Dhawuha, "Terangna piye panemumu upama al-Quran iki temen dhawuhing Allah, kang mangko kowe padha maido." Lan ana uga saksine wong Bani Israil nerangake yen al-Quran iku temen dhawuhing Allah padha uga Taurat. Saksi siji saka wong Bani Israil mau banjur percaya. Satemene Allah iku ora kersa nuduhake dalan bener marang wong kang padha nganiaya
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِلَّذِينَ آمَنُوا لَوْ كَانَ خَيْرًا مَا سَبَقُونَا إِلَيْهِ ۚ وَإِذْ لَمْ يَهْتَدُوا بِهِ فَسَيَقُولُونَ هَٰذَا إِفْكٌ قَدِيمٌ
Wong kafir padha kondho marang wong mukmin manawa percaya marang al-Quran becik tenan, aku ora kedhisikan wongmukmin anggonku percaya. Wong kafir ora bisa oleh pituduh bener saka al-Quran Bakal padha ngucap al-Quran iku wiwit mula biyen goroh
وَمِنْ قَبْلِهِ كِتَابُ مُوسَىٰ إِمَامًا وَرَحْمَةً ۚ وَهَٰذَا كِتَابٌ مُصَدِّقٌ لِسَانًا عَرَبِيًّا لِيُنْذِرَ الَّذِينَ ظَلَمُوا وَبُشْرَىٰ لِلْمُحْسِنِينَ
Sadurunge al-Quran wis ana kitabe Musa dadi pengarep lan dadi rahmat tumrap wong kang padha percaya. Dene al-Quran iki kitab kang nerangake yen kitab kang kuna - kuna bener kabeh, tembunge al-Quran Arab kanggo ngancam wong kang nganiaya lan bebungah wong kang padha becik
إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Sarupane wong kang padha ngucap, "Pangeranku Allah", banjur padha setiya tuhu ngestokake dhawuhing Allah besuk ana akherat ora bakal wedi lan kasusahan
أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ خَالِدِينَ فِيهَا جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Wong mangkono mau bakal mlebu suwarga kang langgeng minongko ganjaran kabecikan kang wis dilakoni
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
