Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #19 Translated in Jawa

قَالُوا مَا أَنْتُمْ إِلَّا بَشَرٌ مِثْلُنَا وَمَا أَنْزَلَ الرَّحْمَٰنُ مِنْ شَيْءٍ إِنْ أَنْتُمْ إِلَّا تَكْذِبُونَ
Padha mangsuli, "Pamanggih kula sampeyan niku inggih sami kaliyan kula kemawon, Pangeran Ingkang Maha Murah inggih boten dhawuh punapa - punapa. Dados sampeyan punika tetela dora
قَالُوا رَبُّنَا يَعْلَمُ إِنَّا إِلَيْكُمْ لَمُرْسَلُونَ
(Rasul telu) padha mangsuli, "Sanadiyan kowe padha maido, nanging Allah Pangeranku nguningani anggonku temen diutus Allah nyurub-nyurubake marang kowe
وَمَا عَلَيْنَا إِلَّا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ
Wajibku ora ana maneh mung handhawuhake parentahing Allah
قَالُوا إِنَّا تَطَيَّرْنَا بِكُمْ ۖ لَئِنْ لَمْ تَنْتَهُوا لَنَرْجُمَنَّكُمْ وَلَيَمَسَّنَّكُمْ مِنَّا عَذَابٌ أَلِيمٌ
(ummate) padha mangsuli, "Sapunika kula sami kenging weweleh kadhawan jawah jalaran pandamel panjenengan. Mila manawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan makaten punika., panjenengan mesthi kulo balangi ngantos pejah sarta kulo sakiti
قَالُوا طَائِرُكُمْ مَعَكُمْ ۚ أَئِنْ ذُكِّرْتُمْ ۚ بَلْ أَنْتُمْ قَوْمٌ مُسْرِفُونَ
(Rasul telu) padha mangsuli, "Weruhana anggonmu padha kena wewalak marga saka awakmu dhe. Hiya iku anggonmu padha kafir, ora marga tak elingake (tak ajak Islam), nanging pancen kowe kebangetan anggonmu padha duraka

Choose other languages: