Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #22 Translated in Jawa

قَالُوا إِنَّا تَطَيَّرْنَا بِكُمْ ۖ لَئِنْ لَمْ تَنْتَهُوا لَنَرْجُمَنَّكُمْ وَلَيَمَسَّنَّكُمْ مِنَّا عَذَابٌ أَلِيمٌ
(ummate) padha mangsuli, "Sapunika kula sami kenging weweleh kadhawan jawah jalaran pandamel panjenengan. Mila manawi mboten panjenengan mantuni anggen panjenengan makaten punika., panjenengan mesthi kulo balangi ngantos pejah sarta kulo sakiti
قَالُوا طَائِرُكُمْ مَعَكُمْ ۚ أَئِنْ ذُكِّرْتُمْ ۚ بَلْ أَنْتُمْ قَوْمٌ مُسْرِفُونَ
(Rasul telu) padha mangsuli, "Weruhana anggonmu padha kena wewalak marga saka awakmu dhe. Hiya iku anggonmu padha kafir, ora marga tak elingake (tak ajak Islam), nanging pancen kowe kebangetan anggonmu padha duraka
وَجَاءَ مِنْ أَقْصَى الْمَدِينَةِ رَجُلٌ يَسْعَىٰ قَالَ يَا قَوْمِ اتَّبِعُوا الْمُرْسَلِينَ
Dumadakan ana wong lanang (krungu wong Inthiqonah maido rasul) banjur gagancangan melayu saka panggonane (watesing negara) tekan kono banjur celathu, "Para kancaku (Ing Inthiqonah) kowe padha ngestokna para rasul iku
اتَّبِعُوا مَنْ لَا يَسْأَلُكُمْ أَجْرًا وَهُمْ مُهْتَدُونَ
Padha manuta bahe marang wong kang ora amrih pituwas saka kowe. Rasul telu mahu tetela netepi pituduh bener
وَمَا لِيَ لَا أَعْبُدُ الَّذِي فَطَرَنِي وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ
Ya gene aku ora nyembah marang Pangeran kang gawe awaku ing tembe yen kowe wis padha mati, mesthi padha bali ing ngarsane Allah

Choose other languages: