Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #17 Translated in Jawa

وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِرُسُلِهِمْ لَنُخْرِجَنَّكُمْ مِنْ أَرْضِنَا أَوْ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَا ۖ فَأَوْحَىٰ إِلَيْهِمْ رَبُّهُمْ لَنُهْلِكَنَّ الظَّالِمِينَ
Lan para kang padha kafir anyalathu marang para utusané: Sayekti aku bakal padha nundhung kowé kabèh saka ing bumiku , utawa kowé kudu padha bali ing agamaku. Tumuli Pangérané amedhar sabda marang dhèwèké: Sayekti Ingsun bakal anglebur para kang atindak dudu
وَلَنُسْكِنَنَّكُمُ الْأَرْضَ مِنْ بَعْدِهِمْ ۚ ذَٰلِكَ لِمَنْ خَافَ مَقَامِي وَخَافَ وَعِيدِ
Lan sayekti Ingsun bakal angenggonaké sira ing bumi ing sapungkuré dhèwèké; iki tumrap sapa-sapa kang wedi ana ing ngarsané Panjenengan-Ingsun sarta wedi ing pangancam-Ingsun
وَاسْتَفْتَحُوا وَخَابَ كُلُّ جَبَّارٍ عَنِيدٍ
Dhèwèké padha nyuwun pan- casan sarta sarupané kang milawa- ni tanpa duduga padha kacuwan
مِنْ وَرَائِهِ جَهَنَّمُ وَيُسْقَىٰ مِنْ مَاءٍ صَدِيدٍ
Naraka ana ing ngarepé sarta diombèni banyu panas
يَتَجَرَّعُهُ وَلَا يَكَادُ يُسِيغُهُ وَيَأْتِيهِ الْمَوْتُ مِنْ كُلِّ مَكَانٍ وَمَا هُوَ بِمَيِّتٍ ۖ وَمِنْ وَرَائِهِ عَذَابٌ غَلِيظٌ
Anggoné ngombé saka sathi- thik-sathithik sarta ora kalawan kapénak panguluné, apa déné kasusahan bakal anekani dhè- wèké saka sadhéngah panggonan, ananging dhèwèké ora bakal mati, sarta siksa ingkang anggigirisi bakal ana ngarepé

Choose other languages: