Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #16 Translated in Jawa

وَمَا لَنَا أَلَّا نَتَوَكَّلَ عَلَى اللَّهِ وَقَدْ هَدَانَا سُبُلَنَا ۚ وَلَنَصْبِرَنَّ عَلَىٰ مَا آذَيْتُمُونَا ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُونَ
Lan apa ta karanané yèn aku, ora padha sumaraha marang Allah, lan temen Panjenengané wus anun- tun aku ing dadalanku? Lan sa- yekti aku bakal padha anyabaraké marang panguya-uyamu ing aku; lan marang Allah kuduné anggoné sumarah para kang padha sumarah
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِرُسُلِهِمْ لَنُخْرِجَنَّكُمْ مِنْ أَرْضِنَا أَوْ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَا ۖ فَأَوْحَىٰ إِلَيْهِمْ رَبُّهُمْ لَنُهْلِكَنَّ الظَّالِمِينَ
Lan para kang padha kafir anyalathu marang para utusané: Sayekti aku bakal padha nundhung kowé kabèh saka ing bumiku , utawa kowé kudu padha bali ing agamaku. Tumuli Pangérané amedhar sabda marang dhèwèké: Sayekti Ingsun bakal anglebur para kang atindak dudu
وَلَنُسْكِنَنَّكُمُ الْأَرْضَ مِنْ بَعْدِهِمْ ۚ ذَٰلِكَ لِمَنْ خَافَ مَقَامِي وَخَافَ وَعِيدِ
Lan sayekti Ingsun bakal angenggonaké sira ing bumi ing sapungkuré dhèwèké; iki tumrap sapa-sapa kang wedi ana ing ngarsané Panjenengan-Ingsun sarta wedi ing pangancam-Ingsun
وَاسْتَفْتَحُوا وَخَابَ كُلُّ جَبَّارٍ عَنِيدٍ
Dhèwèké padha nyuwun pan- casan sarta sarupané kang milawa- ni tanpa duduga padha kacuwan
مِنْ وَرَائِهِ جَهَنَّمُ وَيُسْقَىٰ مِنْ مَاءٍ صَدِيدٍ
Naraka ana ing ngarepé sarta diombèni banyu panas

Choose other languages: