Surah As-Sajda Ayahs #14 Translated in Jawa
وَقَالُوا أَإِذَا ضَلَلْنَا فِي الْأَرْضِ أَإِنَّا لَفِي خَلْقٍ جَدِيدٍ ۚ بَلْ هُمْ بِلِقَاءِ رَبِّهِمْ كَافِرُونَ
(Wong kang maido qiyamat) padha ngucap, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. Wusana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu
قُلْ يَتَوَفَّاكُمْ مَلَكُ الْمَوْتِ الَّذِي وُكِّلَ بِكُمْ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّكُمْ تُرْجَعُونَ
Sira dhawuha, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. WUsana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu
وَلَوْ تَرَىٰ إِذِ الْمُجْرِمُونَ نَاكِسُو رُءُوسِهِمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ رَبَّنَا أَبْصَرْنَا وَسَمِعْنَا فَارْجِعْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا إِنَّا مُوقِنُونَ
Sira bakal handeleng para wong kafir padha hanjungkel ana ngarsane Pangerane, tumungkul, sarta padha munjuk, "Pangeran kawula ! Sapunika kawula sampun sumerep piyambak saha sampun mireng dhawuh Paduka (bab temenipun para Rasul). Sakpunika panyuwun kawula mugi wontena kepareng Paduka mangsulaken (dhateng donya malih), Kawula sanggem badhe nglampahi pandamel sahe. Sapunika kawula sampun ngandel (sayektos dhateng para Rasul)
وَلَوْ شِئْنَا لَآتَيْنَا كُلَّ نَفْسٍ هُدَاهَا وَلَٰكِنْ حَقَّ الْقَوْلُ مِنِّي لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ
Upama Ingsun kersa, manungsa iku kabeh diparingi pituduh bener. Nanging kersaningsun ora mangkono. Pangandikaningsun, "Neraka jahannma bakal Ingsun kebaki hisine Jin lan Manungsa
فَذُوقُوا بِمَا نَسِيتُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا إِنَّا نَسِينَاكُمْ ۖ وَذُوقُوا عَذَابَ الْخُلْدِ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Mara padha ngrasakna siksa, patrapane anggonmu padha ora perduli lan ora percaya anane akhera. Aku uga ora perduli marang kowe. Saiki padha ngrasakna siksa langgeng patrapane anggonmu padha tumindak (kafir)
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
