Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Sajda Ayahs #17 Translated in Jawa

وَلَوْ شِئْنَا لَآتَيْنَا كُلَّ نَفْسٍ هُدَاهَا وَلَٰكِنْ حَقَّ الْقَوْلُ مِنِّي لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ
Upama Ingsun kersa, manungsa iku kabeh diparingi pituduh bener. Nanging kersaningsun ora mangkono. Pangandikaningsun, "Neraka jahannma bakal Ingsun kebaki hisine Jin lan Manungsa
فَذُوقُوا بِمَا نَسِيتُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا إِنَّا نَسِينَاكُمْ ۖ وَذُوقُوا عَذَابَ الْخُلْدِ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Mara padha ngrasakna siksa, patrapane anggonmu padha ora perduli lan ora percaya anane akhera. Aku uga ora perduli marang kowe. Saiki padha ngrasakna siksa langgeng patrapane anggonmu padha tumindak (kafir)
إِنَّمَا يُؤْمِنُ بِآيَاتِنَا الَّذِينَ إِذَا ذُكِّرُوا بِهَا خَرُّوا سُجَّدًا وَسَبَّحُوا بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُونَ ۩
Kang mesthi ngandel marang al-Qur’an (ayat - ayatingsun) mung wong kang yen dipituturi kelawan surasaning al-Quran, banjur sungkem sujud ing Allah, Sarta nyebut Maha Suci kelawan memuji ALlah Pangerane. Apadene ora gumedhe
تَتَجَافَىٰ جُنُوبُهُمْ عَنِ الْمَضَاجِعِ يَدْعُونَ رَبَّهُمْ خَوْفًا وَطَمَعًا وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ
Hing wayah wengi padha tangi saka turune, banjur sholat lan nyenyuwun ing Pangeran. Wedi siksane lan kepengin ganjarane. Apa dene padha dhangan mewehake rizki peparing Ingsun
فَلَا تَعْلَمُ نَفْسٌ مَا أُخْفِيَ لَهُمْ مِنْ قُرَّةِ أَعْيُنٍ جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Wong siji wae ora ana kang weruh kanugrahan apa kang isih disamar dening Allah, bakal diparingake marang wong mahu, minangka ganjaraning pangabekti kang wis dilakoni

Choose other languages: