Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Sajda Ayahs #19 Translated in Jawa

إِنَّمَا يُؤْمِنُ بِآيَاتِنَا الَّذِينَ إِذَا ذُكِّرُوا بِهَا خَرُّوا سُجَّدًا وَسَبَّحُوا بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُونَ ۩
Kang mesthi ngandel marang al-Qur’an (ayat - ayatingsun) mung wong kang yen dipituturi kelawan surasaning al-Quran, banjur sungkem sujud ing Allah, Sarta nyebut Maha Suci kelawan memuji ALlah Pangerane. Apadene ora gumedhe
تَتَجَافَىٰ جُنُوبُهُمْ عَنِ الْمَضَاجِعِ يَدْعُونَ رَبَّهُمْ خَوْفًا وَطَمَعًا وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ
Hing wayah wengi padha tangi saka turune, banjur sholat lan nyenyuwun ing Pangeran. Wedi siksane lan kepengin ganjarane. Apa dene padha dhangan mewehake rizki peparing Ingsun
فَلَا تَعْلَمُ نَفْسٌ مَا أُخْفِيَ لَهُمْ مِنْ قُرَّةِ أَعْيُنٍ جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Wong siji wae ora ana kang weruh kanugrahan apa kang isih disamar dening Allah, bakal diparingake marang wong mahu, minangka ganjaraning pangabekti kang wis dilakoni
أَفَمَنْ كَانَ مُؤْمِنًا كَمَنْ كَانَ فَاسِقًا ۚ لَا يَسْتَوُونَ
Wong kang percaya lan ngestokake ing Allah, apa padha bae karo wong kang duraka? mesthi ora
أَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَلَهُمْ جَنَّاتُ الْمَأْوَىٰ نُزُلًا بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Dene wong kang padha percaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe becik, iku bakal padha holeh ganjaran suwarga Ma’wa. Minangka ganjaring pangabekti kang wis padha dilakoni

Choose other languages: