Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Sajda Ayahs #16 Translated in Jawa

وَلَوْ تَرَىٰ إِذِ الْمُجْرِمُونَ نَاكِسُو رُءُوسِهِمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ رَبَّنَا أَبْصَرْنَا وَسَمِعْنَا فَارْجِعْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا إِنَّا مُوقِنُونَ
Sira bakal handeleng para wong kafir padha hanjungkel ana ngarsane Pangerane, tumungkul, sarta padha munjuk, "Pangeran kawula ! Sapunika kawula sampun sumerep piyambak saha sampun mireng dhawuh Paduka (bab temenipun para Rasul). Sakpunika panyuwun kawula mugi wontena kepareng Paduka mangsulaken (dhateng donya malih), Kawula sanggem badhe nglampahi pandamel sahe. Sapunika kawula sampun ngandel (sayektos dhateng para Rasul)
وَلَوْ شِئْنَا لَآتَيْنَا كُلَّ نَفْسٍ هُدَاهَا وَلَٰكِنْ حَقَّ الْقَوْلُ مِنِّي لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ
Upama Ingsun kersa, manungsa iku kabeh diparingi pituduh bener. Nanging kersaningsun ora mangkono. Pangandikaningsun, "Neraka jahannma bakal Ingsun kebaki hisine Jin lan Manungsa
فَذُوقُوا بِمَا نَسِيتُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا إِنَّا نَسِينَاكُمْ ۖ وَذُوقُوا عَذَابَ الْخُلْدِ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Mara padha ngrasakna siksa, patrapane anggonmu padha ora perduli lan ora percaya anane akhera. Aku uga ora perduli marang kowe. Saiki padha ngrasakna siksa langgeng patrapane anggonmu padha tumindak (kafir)
إِنَّمَا يُؤْمِنُ بِآيَاتِنَا الَّذِينَ إِذَا ذُكِّرُوا بِهَا خَرُّوا سُجَّدًا وَسَبَّحُوا بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُونَ ۩
Kang mesthi ngandel marang al-Qur’an (ayat - ayatingsun) mung wong kang yen dipituturi kelawan surasaning al-Quran, banjur sungkem sujud ing Allah, Sarta nyebut Maha Suci kelawan memuji ALlah Pangerane. Apadene ora gumedhe
تَتَجَافَىٰ جُنُوبُهُمْ عَنِ الْمَضَاجِعِ يَدْعُونَ رَبَّهُمْ خَوْفًا وَطَمَعًا وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ
Hing wayah wengi padha tangi saka turune, banjur sholat lan nyenyuwun ing Pangeran. Wedi siksane lan kepengin ganjarane. Apa dene padha dhangan mewehake rizki peparing Ingsun

Choose other languages: