Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #46 Translated in Jawa

قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ مِنْ قَبْلُ ۚ كَانَ أَكْثَرُهُمْ مُشْرِكِينَ
Sira dhawuha, "Padha anjajaha ing bumi, handelenga patilasane para wong kuna sadurungira, kapriye kadadeyane (padha dirusak dening Allah) awit dheweke mahu akeh kang padha mangro tingal
فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ الْقَيِّمِ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَأْتِيَ يَوْمٌ لَا مَرَدَّ لَهُ مِنَ اللَّهِ ۖ يَوْمَئِذٍ يَصَّدَّعُونَ
Sira lan ummatira masharna awak, neja ngistokake agama (Islam), hiya iku agama kang bener, mumpung durung ketekan dina Qiyamat, ing kono dhawuhing Allah wis ora kena dihundurake, lan hing dina iku para manungsa padha kapontho - pontho
مَنْ كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهُ ۖ وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِأَنْفُسِهِمْ يَمْهَدُونَ
Sing sapa kafir bakal nampa patrapane, dene sing sapa wonge ngelakone panggawe becik ganjarane tumrap awake dhewe sarta padha manggon ana suwarga
لِيَجْزِيَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ مِنْ فَضْلِهِ ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْكَافِرِينَ
Iku kanugrahaning allah marang wong kang percaya sarta ngelakoni panggawe becik. satemene Allah ora remen wong kang padha kafir
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ يُرْسِلَ الرِّيَاحَ مُبَشِّرَاتٍ وَلِيُذِيقَكُمْ مِنْ رَحْمَتِهِ وَلِتَجْرِيَ الْفُلْكُ بِأَمْرِهِ وَلِتَبْتَغُوا مِنْ فَضْلِهِ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Lan ana maneh tandha yekti kang mratandhani kuwasaning Allah, hiya Akkah anggone ngidikake angin ambubungah marang sira, sabanjure sira diparingi weruh rahmating Allah, dilakoake perahu ana ing segara kelawan parintahing allah supaya sira bisa laku dagang ngupaya paparinging Allah rizki, Kersaning Allah supaya padha ngaturake penuwun (syukur)

Choose other languages: