Surah Ar-Rum Ayahs #45 Translated in Jawa
ظَهَرَ الْفَسَادُ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِي النَّاسِ لِيُذِيقَهُمْ بَعْضَ الَّذِي عَمِلُوا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Ing bumi kang jengkar lan kang loh tetela padha karusakan, marga saka durakaning manungsa. Wusana manungsa padha kapeksa ngrasakake patrapan sawatara (pahilan) kang wis dilakoni, supaya padha bali (marang dalan kang bener)
قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ مِنْ قَبْلُ ۚ كَانَ أَكْثَرُهُمْ مُشْرِكِينَ
Sira dhawuha, "Padha anjajaha ing bumi, handelenga patilasane para wong kuna sadurungira, kapriye kadadeyane (padha dirusak dening Allah) awit dheweke mahu akeh kang padha mangro tingal
فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ الْقَيِّمِ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَأْتِيَ يَوْمٌ لَا مَرَدَّ لَهُ مِنَ اللَّهِ ۖ يَوْمَئِذٍ يَصَّدَّعُونَ
Sira lan ummatira masharna awak, neja ngistokake agama (Islam), hiya iku agama kang bener, mumpung durung ketekan dina Qiyamat, ing kono dhawuhing Allah wis ora kena dihundurake, lan hing dina iku para manungsa padha kapontho - pontho
مَنْ كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهُ ۖ وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِأَنْفُسِهِمْ يَمْهَدُونَ
Sing sapa kafir bakal nampa patrapane, dene sing sapa wonge ngelakone panggawe becik ganjarane tumrap awake dhewe sarta padha manggon ana suwarga
لِيَجْزِيَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ مِنْ فَضْلِهِ ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْكَافِرِينَ
Iku kanugrahaning allah marang wong kang percaya sarta ngelakoni panggawe becik. satemene Allah ora remen wong kang padha kafir
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
