Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #21 Translated in Jawa

يَعِظُكُمُ اللَّهُ أَنْ تَعُودُوا لِمِثْلِهِ أَبَدًا إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Menawa sira iman marang Allah, Allah paring piwulang marang sira, sira aja pisan - pisan mbaleni ngucapake kang kaya mengkono mau
وَيُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Lan Allah nerangake dhawuh marang sira kanthi pirang - pirang tandha yekti. Dene Allah maha ngudaneni tur wicaksana
إِنَّ الَّذِينَ يُحِبُّونَ أَنْ تَشِيعَ الْفَاحِشَةُ فِي الَّذِينَ آمَنُوا لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
Saktemene wong kang padha remen nyiar - nyiarake pawarta ala marang wong mu’min, iku bakal kapatrapan siksa kang nglarani ana ing donya lan akherat. Dene Allah iku nguningani nanging sira ora padha sumurup
وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ وَأَنَّ اللَّهَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ
Sak upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira (mesthi sira padha dipatrapi siksa sak nalika). Saktemene Allah iku maha welas lan asih marang kawulane
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ وَمَنْ يَتَّبِعْ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ فَإِنَّهُ يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ ۚ وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ مَا زَكَىٰ مِنْكُمْ مِنْ أَحَدٍ أَبَدًا وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يُزَكِّي مَنْ يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
He wong kang padha iman sira aja padha manur marang tumindak syetan. SIng sapa manut marang tumindak syetan iku sumurupa menawa syetan iku prentah marang tumindak jember lan ala. Lan upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira yekti ora bisa resik saka dosane saklawase. Nanging Allah kersa ngresikake saka dosane marang wong - wong kang dadi kersane. Dene Allah iku maha midhanget sarta maha ngudaneni

Choose other languages: