Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #39 Translated in Jawa

وَإِنْ خِفْتُمْ شِقَاقَ بَيْنِهِمَا فَابْعَثُوا حَكَمًا مِنْ أَهْلِهِ وَحَكَمًا مِنْ أَهْلِهَا إِنْ يُرِيدَا إِصْلَاحًا يُوَفِّقِ اللَّهُ بَيْنَهُمَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا خَبِيرًا
(He wong kang padha nyekel bebeneran), menawa sira padha kuwatir (weruh) pasulayaning wong bebojoan nuli sira padha nganakna juru pemisah , saka sadulure kang lanang lan sijine saka sanake kang wadon . Sabanjure menawa juru pemisah loro-loro mau karep gawe becik, Allah bakal nulungi antarane wong loro mau. Satemene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Waspada
وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا ۖ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَبِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُورًا
LAn sira padha manembaha Allah, lan aja nyekuthokake Allah kelawan barang liyane. Lan padha gawea becik (ngabekti) marang wong tuwa loro, lan para sedulurira, lan para bocah Yatim, lan para wong miskin, lan tangga lan para wong miskin, lan tangga cedak kang isih sanak, lan tangga kang adoh lan kanca kang raket lan marang Ibnu Sabi (wong kang pinuju lelungan), apa dene kawula kang kadarbe ing sira. Satemene Allah iku ora remen wong kang gumedhe lan ngunggul-ngunggulake kaluwihane
الَّذِينَ يَبْخَلُونَ وَيَأْمُرُونَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ وَيَكْتُمُونَ مَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ ۗ وَأَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا مُهِينًا
(Yaiku) wong-wong kang medhit (kumel) lan kang ngajak-ngajak para manungsa supaya padha medhit, lan padha ngumpetake peparinging Allah kang wis diparingake marang wong mau. Lan Ingsun ngancam marang wong kafir kanthi siksa kang ngasorake
وَالَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ رِئَاءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْآخِرِ ۗ وَمَنْ يَكُنِ الشَّيْطَانُ لَهُ قَرِينًا فَسَاءَ قَرِينًا
(kajaba wong kafir), Ingsun uga ngancam wong kang padha dermakake bandhane nganggo diweruhake ing wong (murih dilem) lan pra percaya ing Allah, apa dene ora percaya marang anane dina qiyamat. Dene sing sapa duwe kanca syetan iku weruha menawa syetan iku kanca kang ala banget
وَمَاذَا عَلَيْهِمْ لَوْ آمَنُوا بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَأَنْفَقُوا مِمَّا رَزَقَهُمُ اللَّهُ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِهِمْ عَلِيمًا
Apa ta pakewuhe upama wong-wong padha gelem percaya marang Allah lan dina Qiyamat sarta padha gelem ndermakake bandha kang wis diparingke dening Allah? Allah iku ngudaneni marang wong-wong mau kabeh

Choose other languages: