Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #38 Translated in Jawa

الرِّجَالُ قَوَّامُونَ عَلَى النِّسَاءِ بِمَا فَضَّلَ اللَّهُ بَعْضَهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ وَبِمَا أَنْفَقُوا مِنْ أَمْوَالِهِمْ ۚ فَالصَّالِحَاتُ قَانِتَاتٌ حَافِظَاتٌ لِلْغَيْبِ بِمَا حَفِظَ اللَّهُ ۚ وَاللَّاتِي تَخَافُونَ نُشُوزَهُنَّ فَعِظُوهُنَّ وَاهْجُرُوهُنَّ فِي الْمَضَاجِعِ وَاضْرِبُوهُنَّ ۖ فَإِنْ أَطَعْنَكُمْ فَلَا تَبْغُوا عَلَيْهِنَّ سَبِيلًا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيًّا كَبِيرًا
Para wong lanang iku padha nguwasani (dadi Pemimpin) marang para wong wadon, jalaran anggone Allah ngluwihake wong lanang ngungkuli wong-wong wadon, lan jalaran anggone dheweke wis aweh nafkah nganggo bandhane, Mulane wong wadon kang becik iku mesthi manut miturut (tha’at) marang lakine (bojo), tur rumeksa ing wadine (ora sedheng) kelawan pangreksane Allah kang wis didhawuhake. Dene wong wadon kang sira kuwatirake wangkal (ora manut miturut), iku sira pituturan kang becik, yen meksa wangkal, nuli sira ngedohna saka paturone. Yen meksa isih wangkal, sira gitiki. Dene yen banjur manut miturut marang sira, aja sira goleh-golekake perkara. Satemene Allah iku Maha Luhur lan Maha Agung
وَإِنْ خِفْتُمْ شِقَاقَ بَيْنِهِمَا فَابْعَثُوا حَكَمًا مِنْ أَهْلِهِ وَحَكَمًا مِنْ أَهْلِهَا إِنْ يُرِيدَا إِصْلَاحًا يُوَفِّقِ اللَّهُ بَيْنَهُمَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا خَبِيرًا
(He wong kang padha nyekel bebeneran), menawa sira padha kuwatir (weruh) pasulayaning wong bebojoan nuli sira padha nganakna juru pemisah , saka sadulure kang lanang lan sijine saka sanake kang wadon . Sabanjure menawa juru pemisah loro-loro mau karep gawe becik, Allah bakal nulungi antarane wong loro mau. Satemene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Waspada
وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا ۖ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَبِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُورًا
LAn sira padha manembaha Allah, lan aja nyekuthokake Allah kelawan barang liyane. Lan padha gawea becik (ngabekti) marang wong tuwa loro, lan para sedulurira, lan para bocah Yatim, lan para wong miskin, lan tangga lan para wong miskin, lan tangga cedak kang isih sanak, lan tangga kang adoh lan kanca kang raket lan marang Ibnu Sabi (wong kang pinuju lelungan), apa dene kawula kang kadarbe ing sira. Satemene Allah iku ora remen wong kang gumedhe lan ngunggul-ngunggulake kaluwihane
الَّذِينَ يَبْخَلُونَ وَيَأْمُرُونَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ وَيَكْتُمُونَ مَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ ۗ وَأَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا مُهِينًا
(Yaiku) wong-wong kang medhit (kumel) lan kang ngajak-ngajak para manungsa supaya padha medhit, lan padha ngumpetake peparinging Allah kang wis diparingake marang wong mau. Lan Ingsun ngancam marang wong kafir kanthi siksa kang ngasorake
وَالَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ رِئَاءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْآخِرِ ۗ وَمَنْ يَكُنِ الشَّيْطَانُ لَهُ قَرِينًا فَسَاءَ قَرِينًا
(kajaba wong kafir), Ingsun uga ngancam wong kang padha dermakake bandhane nganggo diweruhake ing wong (murih dilem) lan pra percaya ing Allah, apa dene ora percaya marang anane dina qiyamat. Dene sing sapa duwe kanca syetan iku weruha menawa syetan iku kanca kang ala banget

Choose other languages: