Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #28 Translated in Jawa

وَالْمُحْصَنَاتُ مِنَ النِّسَاءِ إِلَّا مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۖ كِتَابَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ ۚ وَأُحِلَّ لَكُمْ مَا وَرَاءَ ذَٰلِكُمْ أَنْ تَبْتَغُوا بِأَمْوَالِكُمْ مُحْصِنِينَ غَيْرَ مُسَافِحِينَ ۚ فَمَا اسْتَمْتَعْتُمْ بِهِ مِنْهُنَّ فَآتُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ فَرِيضَةً ۚ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيمَا تَرَاضَيْتُمْ بِهِ مِنْ بَعْدِ الْفَرِيضَةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا
Lan maneh sira padha dilarangi ngrabeni wong wadon kang somahan (kang duwe bojo) kajaba wanita (jariah) kang kadarbe ing sira, Allah nemtokake kang mangkono mau marang sira kabeh, lan sira padha dililani ngupaya bojo wanita, liyane kang klebu ing larangan mau, sarana maskawin bandhanira, dadi sira padha ora aran zina, aran sesomahan, endi wanita kang sira anggo kebungahan karabi ing sira bayara maskawin kang kasebut ing nikah, sawise maskawin mau ditemtokake akeh sethithike. Manawa sira sarta wanita mau padha narima mundhaking maskawin utawa sudane, yen ora ana pakewuhe. Satemene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Wicaksana
وَمَنْ لَمْ يَسْتَطِعْ مِنْكُمْ طَوْلًا أَنْ يَنْكِحَ الْمُحْصَنَاتِ الْمُؤْمِنَاتِ فَمِنْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ مِنْ فَتَيَاتِكُمُ الْمُؤْمِنَاتِ ۚ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِإِيمَانِكُمْ ۚ بَعْضُكُمْ مِنْ بَعْضٍ ۚ فَانْكِحُوهُنَّ بِإِذْنِ أَهْلِهِنَّ وَآتُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ بِالْمَعْرُوفِ مُحْصَنَاتٍ غَيْرَ مُسَافِحَاتٍ وَلَا مُتَّخِذَاتِ أَخْدَانٍ ۚ فَإِذَا أُحْصِنَّ فَإِنْ أَتَيْنَ بِفَاحِشَةٍ فَعَلَيْهِنَّ نِصْفُ مَا عَلَى الْمُحْصَنَاتِ مِنَ الْعَذَابِ ۚ ذَٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ الْعَنَتَ مِنْكُمْ ۚ وَأَنْ تَصْبِرُوا خَيْرٌ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan sing sapa saka sira kabeh ora kuwat mbayar mas kawin kanggo wong wadon merdika kang mukmin, iya nikaha (ngrabiya) wong wadon kawula kang mukmin, kang kadarbe ing liyan. Allah iku Ngudaneni setia lan orane anggonira mukmin. Yen lahira sira anggonira mukmin. Yen lahira sira lan wong wadon kawula kang resik, ora gelem zina, ngedheng utawa dhelikan. Sira nikaha klawan ridlaning bendarane, lan sira mbayara maskawine klawan ganep. Manawa wong wadon kawula mau wis kelakon omah-omah, kang mongka mbanjur nglakoni kang mongka mbanjur nglakoni zina, iku patrapane saparoning patrapane wong wadon merdika. Dene kenane ngrabeni wong wadon kawula kang jalaran ora kuwat mbayar maskawine wong-wong wadon merdika, iku tumrap wong kang kuwatir mbok manawa nglakoni zina. Ewa dene yen sira kuwat sabar ora ngrabeni wong wadon kawula lan uga ora zina, iku tumraping sira luwih becik. Dene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih
يُرِيدُ اللَّهُ لِيُبَيِّنَ لَكُمْ وَيَهْدِيَكُمْ سُنَنَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَيَتُوبَ عَلَيْكُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Allah iku kersa nerangake laku-lakuning agama marang sira kabeh lan paring pituduh laku-lakuning para Nabi sadurungira lan kersa nampa tobatira. Dene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Maha Wicaksana
وَاللَّهُ يُرِيدُ أَنْ يَتُوبَ عَلَيْكُمْ وَيُرِيدُ الَّذِينَ يَتَّبِعُونَ الشَّهَوَاتِ أَنْ تَمِيلُوا مَيْلًا عَظِيمًا
Allah kersa nampa tobatira kabeh. Dene wong-wong kang padha nggugu hawa nafsune (wong Yahudi lan wong Nasrani) iku padha pamrih supaya sira kabeh padha nyleweng temenan (saka barang kang bener)
يُرِيدُ اللَّهُ أَنْ يُخَفِّفَ عَنْكُمْ ۚ وَخُلِقَ الْإِنْسَانُ ضَعِيفًا
Allah kersa ngenthengake marang sira kabeh, jalaran manungsa iku dititahake apes

Choose other languages: