Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #54 Translated in Jawa

وَمَكَرُوا مَكْرًا وَمَكَرْنَا مَكْرًا وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ
(Pangandikane Allah), "Lan dheweke padha ngrancang - rancangan (pangreka daya kaya kang wis dirancang nanging ora bisa kaleksanan) Ingsun uga ngrancang - rancangan, ananging dheweke padha ora ngrasa (ora ngira lan ora mangerteni)
فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ مَكْرِهِمْ أَنَّا دَمَّرْنَاهُمْ وَقَوْمَهُمْ أَجْمَعِينَ
Mara sira rasakna, kepriye kawusanane rancangane, satemene Ingsun numpes dheweke dalah wong kang padha ambiyantu kabeh
فَتِلْكَ بُيُوتُهُمْ خَاوِيَةً بِمَا ظَلَمُوا ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
Apadene omahe (wong mau) padha ambruk, amarga anggone padha nganiaya. Kang mengkono mau mesthi dadi tandha yekti lan piwulang tumrap wong kang padha mangerti marang kuwasaningsun
وَأَنْجَيْنَا الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ
Kabeh wong mukmin kang padha ngestokake parentahingsun, padha Ingsun paringi selamet, banjur lestari anggone padha bekti marang Ingsun
وَلُوطًا إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ أَتَأْتُونَ الْفَاحِشَةَ وَأَنْتُمْ تُبْصِرُونَ
(Lan sira nyritakna lelakone) Luth, nalikane dhawuh marang umate, "Yagene sira padha tumindak ala, (cumbana padha wong lanang) tur sira wis padha sumurp yen mangkono iku tindak sing ala

Choose other languages: