Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #53 Translated in Jawa

قَالُوا تَقَاسَمُوا بِاللَّهِ لَنُبَيِّتَنَّهُ وَأَهْلَهُ ثُمَّ لَنَقُولَنَّ لِوَلِيِّهِ مَا شَهِدْنَا مَهْلِكَ أَهْلِهِ وَإِنَّا لَصَادِقُونَ
(Wong sanga mau padha antep-antepan supata nyebut asmane Allah) prasetyane, "Kita mesthi mateni Shalih sakeluargane, ingsun cidra ing wayah wengi, lan kita bakal ngucap marang ahli warise temen ora sumurup perkara bab mateni Shalih sakulawargane, lan sejatine kita iki wong - wong sing temen
وَمَكَرُوا مَكْرًا وَمَكَرْنَا مَكْرًا وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ
(Pangandikane Allah), "Lan dheweke padha ngrancang - rancangan (pangreka daya kaya kang wis dirancang nanging ora bisa kaleksanan) Ingsun uga ngrancang - rancangan, ananging dheweke padha ora ngrasa (ora ngira lan ora mangerteni)
فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ مَكْرِهِمْ أَنَّا دَمَّرْنَاهُمْ وَقَوْمَهُمْ أَجْمَعِينَ
Mara sira rasakna, kepriye kawusanane rancangane, satemene Ingsun numpes dheweke dalah wong kang padha ambiyantu kabeh
فَتِلْكَ بُيُوتُهُمْ خَاوِيَةً بِمَا ظَلَمُوا ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
Apadene omahe (wong mau) padha ambruk, amarga anggone padha nganiaya. Kang mengkono mau mesthi dadi tandha yekti lan piwulang tumrap wong kang padha mangerti marang kuwasaningsun
وَأَنْجَيْنَا الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ
Kabeh wong mukmin kang padha ngestokake parentahingsun, padha Ingsun paringi selamet, banjur lestari anggone padha bekti marang Ingsun

Choose other languages: