Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #56 Translated in Jawa

فَتِلْكَ بُيُوتُهُمْ خَاوِيَةً بِمَا ظَلَمُوا ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
Apadene omahe (wong mau) padha ambruk, amarga anggone padha nganiaya. Kang mengkono mau mesthi dadi tandha yekti lan piwulang tumrap wong kang padha mangerti marang kuwasaningsun
وَأَنْجَيْنَا الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ
Kabeh wong mukmin kang padha ngestokake parentahingsun, padha Ingsun paringi selamet, banjur lestari anggone padha bekti marang Ingsun
وَلُوطًا إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ أَتَأْتُونَ الْفَاحِشَةَ وَأَنْتُمْ تُبْصِرُونَ
(Lan sira nyritakna lelakone) Luth, nalikane dhawuh marang umate, "Yagene sira padha tumindak ala, (cumbana padha wong lanang) tur sira wis padha sumurp yen mangkono iku tindak sing ala
أَئِنَّكُمْ لَتَأْتُونَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِنْ دُونِ النِّسَاءِ ۚ بَلْ أَنْتُمْ قَوْمٌ تَجْهَلُونَ
Ya gene sira padha dhemen cumbana padha wong lanang nampik marang wong wadon? dadi sira padha tetep wong kang bodho
فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهِ إِلَّا أَنْ قَالُوا أَخْرِجُوا آلَ لُوطٍ مِنْ قَرْيَتِكُمْ ۖ إِنَّهُمْ أُنَاسٌ يَتَطَهَّرُونَ
Para umate Luth tanpa mangsuli apa - apa, mung ngucap, "Luth sakulawargane padha tundhungen saka ing negara kene. Satemene dheweke iku ngaku - ngaku wong suci

Choose other languages: