Surah Al-Mumtahana Ayahs #4 Translated in Jawa
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا عَدُوِّي وَعَدُوَّكُمْ أَوْلِيَاءَ تُلْقُونَ إِلَيْهِمْ بِالْمَوَدَّةِ وَقَدْ كَفَرُوا بِمَا جَاءَكُمْ مِنَ الْحَقِّ يُخْرِجُونَ الرَّسُولَ وَإِيَّاكُمْ ۙ أَنْ تُؤْمِنُوا بِاللَّهِ رَبِّكُمْ إِنْ كُنْتُمْ خَرَجْتُمْ جِهَادًا فِي سَبِيلِي وَابْتِغَاءَ مَرْضَاتِي ۚ تُسِرُّونَ إِلَيْهِمْ بِالْمَوَدَّةِ وَأَنَا أَعْلَمُ بِمَا أَخْفَيْتُمْ وَمَا أَعْلَنْتُمْ ۚ وَمَنْ يَفْعَلْهُ مِنْكُمْ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاءَ السَّبِيلِ
Para Mukmi! Sira aja padha asih marang sateruningsun lan uga saterunira. (Hiya iku wong kafir) aja nibakake katresnan marang wong kafir mau. Satemene dheweke mau wis maido ing kebeneran (Islam) sarta padha ngusir marang utusane Allah lan ngusir sira (saka Makkah) ,arga sira padha percaya ing Allah Pangeranira. Manawa sira padha metoni perang netepi agamaningsun lan murih kaparengingsun, aja asih marang wong kafir mau, aja medharake wedine Rosul kelawan bisik - bisik marga saka tresna. ingsun nguningani barang kang sira samarake lan hedheng. Sing sapa bisik - bisik mangkono mau kalebu wong kang kesasar saka agama
إِنْ يَثْقَفُوكُمْ يَكُونُوا لَكُمْ أَعْدَاءً وَيَبْسُطُوا إِلَيْكُمْ أَيْدِيَهُمْ وَأَلْسِنَتَهُمْ بِالسُّوءِ وَوَدُّوا لَوْ تَكْفُرُونَ
Menawa wong kafir nyekel sira, wusanane dadi musuhmu, tangane tumandang lan cangkeme nyatur ala. Pangarep - arepe sira dadi kafir maneh
لَنْ تَنْفَعَكُمْ أَرْحَامُكُمْ وَلَا أَوْلَادُكُمْ ۚ يَوْمَ الْقِيَامَةِ يَفْصِلُ بَيْنَكُمْ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Para sanakmu lan anakmu kang ngajak duraka marang sira iku ora migunani. Besuk qiyamat Allah misahake sira lan sanakmu mau. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakonu
قَدْ كَانَتْ لَكُمْ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِي إِبْرَاهِيمَ وَالَّذِينَ مَعَهُ إِذْ قَالُوا لِقَوْمِهِمْ إِنَّا بُرَآءُ مِنْكُمْ وَمِمَّا تَعْبُدُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ كَفَرْنَا بِكُمْ وَبَدَا بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمُ الْعَدَاوَةُ وَالْبَغْضَاءُ أَبَدًا حَتَّىٰ تُؤْمِنُوا بِاللَّهِ وَحْدَهُ إِلَّا قَوْلَ إِبْرَاهِيمَ لِأَبِيهِ لَأَسْتَغْفِرَنَّ لَكَ وَمَا أَمْلِكُ لَكَ مِنَ اللَّهِ مِنْ شَيْءٍ ۖ رَبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَّلْنَا وَإِلَيْكَ أَنَبْنَا وَإِلَيْكَ الْمَصِيرُ
Sira wis duwe tuntunan becik, hiya iku Ibrahim lan para sahabate padha mituturi marang para ummate (kang isih kafir): "Aku selak marang kowe lan marang sesembahanmu liyane Allah, aku maido marang kowe, "Saiki aku lan kowe dadi seteru lan gegethingan selawas - lawase. Kejaba yen kowe banjur percaya ing Allah piyambak". Nanging Ibrahim matur marang ramane, Panjenengan kula suwunake pangapuraning Allah, awit kula boten saged nguwasani dumateng panjenengan manawi badhe dipun siksa utawi dipun ganjar. Punika namung gumantung karsaning Allah". "Pangeran kawula nyumanggaaken punapa sakersa Paduka. Kawula madhep ing Padhuka, wusananipun samukawis punika wangsul ing ngarsa Paduka
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
