Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #60 Translated in Jawa

وَمَنْ يَتَوَلَّ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَالَّذِينَ آمَنُوا فَإِنَّ حِزْبَ اللَّهِ هُمُ الْغَالِبُونَ
Lan sapa sing ngapèk mitra Allah lan utusan-É sarta para angèstu, lah sayekti, papanthaning Allah, iku kang padha menang
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَكُمْ هُزُوًا وَلَعِبًا مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَالْكُفَّارَ أَوْلِيَاءَ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
É, para kang padha angèstu! Aja sira padha ngalap pangayoman para kang wus padha kaparingan kitab ing sadurungira sarta para kafir, kang anganggep agamanira iku guguyon lan dolanan; lan padha di bekti ing Allah, manawa sira padha wong angèstu
وَإِذَا نَادَيْتُمْ إِلَى الصَّلَاةِ اتَّخَذُوهَا هُزُوًا وَلَعِبًا ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَا يَعْقِلُونَ
Lan manawa sira anguwuh marang salat, iku padha digawé guguyon lan dolanan; iki amarga dhèwèké iku wong kang padha ora ngerti
قُلْ يَا أَهْلَ الْكِتَابِ هَلْ تَنْقِمُونَ مِنَّا إِلَّا أَنْ آمَنَّا بِاللَّهِ وَمَا أُنْزِلَ إِلَيْنَا وَمَا أُنْزِلَ مِنْ قَبْلُ وَأَنَّ أَكْثَرَكُمْ فَاسِقُونَ
Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab! Apa kowé padha gething marang aku kajaba mung dumèh aku padha angèstu ing Allah sarta apa kang kadhawuhaké marang aku lan apa kang kadhawuhaké ing sadurungku, lan déné kèh-kèhané sira iku padha murang yekti
قُلْ هَلْ أُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِنْ ذَٰلِكَ مَثُوبَةً عِنْدَ اللَّهِ ۚ مَنْ لَعَنَهُ اللَّهُ وَغَضِبَ عَلَيْهِ وَجَعَلَ مِنْهُمُ الْقِرَدَةَ وَالْخَنَازِيرَ وَعَبَدَ الطَّاغُوتَ ۚ أُولَٰئِكَ شَرٌّ مَكَانًا وَأَضَلُّ عَنْ سَوَاءِ السَّبِيلِ
Calathua: Apa kowé padha gelem dak kandhani luwih ala tinimbang iki wawalesé mungguhing Allah? sapa kang dila’nati déning Allah sarta kang katibanan bendu-Né, tuwin ana kang padha kadadèkaké kethèk lan cèlèng apa déné kang ngabdi sétan; iki padha luwih ala panggonané sarta luwih sasar saka dalan kang bener

Choose other languages: