Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #59 Translated in Jawa

إِنَّمَا وَلِيُّكُمُ اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَالَّذِينَ آمَنُوا الَّذِينَ يُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَهُمْ رَاكِعُونَ
Mitranira iku mung Allah lan Utusan-É sarta para angèstu, para kang padha anjumenengaké salat, lan padha ambayar zakat, lan dhèwèké padha rukuk
وَمَنْ يَتَوَلَّ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَالَّذِينَ آمَنُوا فَإِنَّ حِزْبَ اللَّهِ هُمُ الْغَالِبُونَ
Lan sapa sing ngapèk mitra Allah lan utusan-É sarta para angèstu, lah sayekti, papanthaning Allah, iku kang padha menang
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَكُمْ هُزُوًا وَلَعِبًا مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَالْكُفَّارَ أَوْلِيَاءَ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
É, para kang padha angèstu! Aja sira padha ngalap pangayoman para kang wus padha kaparingan kitab ing sadurungira sarta para kafir, kang anganggep agamanira iku guguyon lan dolanan; lan padha di bekti ing Allah, manawa sira padha wong angèstu
وَإِذَا نَادَيْتُمْ إِلَى الصَّلَاةِ اتَّخَذُوهَا هُزُوًا وَلَعِبًا ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَا يَعْقِلُونَ
Lan manawa sira anguwuh marang salat, iku padha digawé guguyon lan dolanan; iki amarga dhèwèké iku wong kang padha ora ngerti
قُلْ يَا أَهْلَ الْكِتَابِ هَلْ تَنْقِمُونَ مِنَّا إِلَّا أَنْ آمَنَّا بِاللَّهِ وَمَا أُنْزِلَ إِلَيْنَا وَمَا أُنْزِلَ مِنْ قَبْلُ وَأَنَّ أَكْثَرَكُمْ فَاسِقُونَ
Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab! Apa kowé padha gething marang aku kajaba mung dumèh aku padha angèstu ing Allah sarta apa kang kadhawuhaké marang aku lan apa kang kadhawuhaké ing sadurungku, lan déné kèh-kèhané sira iku padha murang yekti

Choose other languages: