Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #62 Translated in Jawa

وَإِذَا نَادَيْتُمْ إِلَى الصَّلَاةِ اتَّخَذُوهَا هُزُوًا وَلَعِبًا ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَا يَعْقِلُونَ
Lan manawa sira anguwuh marang salat, iku padha digawé guguyon lan dolanan; iki amarga dhèwèké iku wong kang padha ora ngerti
قُلْ يَا أَهْلَ الْكِتَابِ هَلْ تَنْقِمُونَ مِنَّا إِلَّا أَنْ آمَنَّا بِاللَّهِ وَمَا أُنْزِلَ إِلَيْنَا وَمَا أُنْزِلَ مِنْ قَبْلُ وَأَنَّ أَكْثَرَكُمْ فَاسِقُونَ
Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab! Apa kowé padha gething marang aku kajaba mung dumèh aku padha angèstu ing Allah sarta apa kang kadhawuhaké marang aku lan apa kang kadhawuhaké ing sadurungku, lan déné kèh-kèhané sira iku padha murang yekti
قُلْ هَلْ أُنَبِّئُكُمْ بِشَرٍّ مِنْ ذَٰلِكَ مَثُوبَةً عِنْدَ اللَّهِ ۚ مَنْ لَعَنَهُ اللَّهُ وَغَضِبَ عَلَيْهِ وَجَعَلَ مِنْهُمُ الْقِرَدَةَ وَالْخَنَازِيرَ وَعَبَدَ الطَّاغُوتَ ۚ أُولَٰئِكَ شَرٌّ مَكَانًا وَأَضَلُّ عَنْ سَوَاءِ السَّبِيلِ
Calathua: Apa kowé padha gelem dak kandhani luwih ala tinimbang iki wawalesé mungguhing Allah? sapa kang dila’nati déning Allah sarta kang katibanan bendu-Né, tuwin ana kang padha kadadèkaké kethèk lan cèlèng apa déné kang ngabdi sétan; iki padha luwih ala panggonané sarta luwih sasar saka dalan kang bener
وَإِذَا جَاءُوكُمْ قَالُوا آمَنَّا وَقَدْ دَخَلُوا بِالْكُفْرِ وَهُمْ قَدْ خَرَجُوا بِهِ ۚ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا كَانُوا يَكْتُمُونَ
Lan nalikané padha teka ma- rang sira padha calathu: Kula sami angèstu; lan sanyata, lumebuné kalawan kakafiran sarta temen metuné iya kalawan iku; lan Allah iku luwih wikan marang apa kang padha diumpetaké
وَتَرَىٰ كَثِيرًا مِنْهُمْ يُسَارِعُونَ فِي الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَأَكْلِهِمُ السُّحْتَ ۚ لَبِئْسَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan sira bakal weruh, dhè- wèké iku sapirang-pirang kang padha gancang-gancangan marang dosa lan murang bener, sarta anggoné padha mangan barang kang olèhé sarana laku ora bener; temen ala apa kang padha dilakoni iku

Choose other languages: