Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #98 Translated in Jawa

وَمَا مَنَعَ النَّاسَ أَنْ يُؤْمِنُوا إِذْ جَاءَهُمُ الْهُدَىٰ إِلَّا أَنْ قَالُوا أَبَعَثَ اللَّهُ بَشَرًا رَسُولًا
Lan ora ana kang ngalang-ngalangi para manungsa arep percaya nalika wong-wong katekan pituduh, kajaba padha ngucap, "Apa Allah ngangkat manungsa dadi utusan
قُلْ لَوْ كَانَ فِي الْأَرْضِ مَلَائِكَةٌ يَمْشُونَ مُطْمَئِنِّينَ لَنَزَّلْنَا عَلَيْهِمْ مِنَ السَّمَاءِ مَلَكًا رَسُولًا
Sira dhawuha, "Saumpama ing bumi iki ana Malaikat-malaikat kang padha mlaku dadi isen-isening bumi, temen ingsun nurunake Malaikat saka langit dadi utusan tumrap dheweke
قُلْ كَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ ۚ إِنَّهُ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيرًا بَصِيرًا
Sira dhawuha, "Allah wis cukup dadi saksi antaraningsun lan antaranira kabeh (kabeneraningsun dadi utusan marang sira kabeh). Satemene Allah iku Maha Welas tur Maha Ngudaneni kabeh kahanane para kawula
وَمَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِ ۖ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ أَوْلِيَاءَ مِنْ دُونِهِ ۖ وَنَحْشُرُهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ عَلَىٰ وُجُوهِهِمْ عُمْيًا وَبُكْمًا وَصُمًّا ۖ مَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ كُلَّمَا خَبَتْ زِدْنَاهُمْ سَعِيرًا
Lan sapa wong kang kaparingan pitedah dalan bener dening Allah, yekti dheweke pikantuk pitedah, lan sapa wonge disasarake, yekti sira Muhammad ora bisa pikantuk pitulung kang bisa nulungi dheweke saliyane Allah. Lan Ingsun bakal ngumpulake wong-wong mau besok ana ing dina Qiyamat, padha mlaku nganggo rahi-rahine kanthi wuta, bisa lan budheg. Dene panggonane wong-wong mau yaiku neraka Jahannam, saben-saben suda urube (jalaran kulite wis dadi awu) banjur Ingsun tambah mulad-mulade (Ingsun ganti kulit anyar, kareben dadi pakane geni neraka)
ذَٰلِكَ جَزَاؤُهُمْ بِأَنَّهُمْ كَفَرُوا بِآيَاتِنَا وَقَالُوا أَإِذَا كُنَّا عِظَامًا وَرُفَاتًا أَإِنَّا لَمَبْعُوثُونَ خَلْقًا جَدِيدًا
Kang menkono iku piwalese wong-wong kafir mau, jalaran anggone dheweke padha kafir (maido) marang ayat-ayatingsun. Lan wong-wong mau padha ngucap, "Apa menawa aku wis dadi balung lemah, apa bener aku bakal ditangekake dadi makhluk anyar

Choose other languages: