Surah Al-Isra Ayahs #101 Translated in Jawa
وَمَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِ ۖ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ أَوْلِيَاءَ مِنْ دُونِهِ ۖ وَنَحْشُرُهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ عَلَىٰ وُجُوهِهِمْ عُمْيًا وَبُكْمًا وَصُمًّا ۖ مَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ كُلَّمَا خَبَتْ زِدْنَاهُمْ سَعِيرًا
Lan sapa wong kang kaparingan pitedah dalan bener dening Allah, yekti dheweke pikantuk pitedah, lan sapa wonge disasarake, yekti sira Muhammad ora bisa pikantuk pitulung kang bisa nulungi dheweke saliyane Allah. Lan Ingsun bakal ngumpulake wong-wong mau besok ana ing dina Qiyamat, padha mlaku nganggo rahi-rahine kanthi wuta, bisa lan budheg. Dene panggonane wong-wong mau yaiku neraka Jahannam, saben-saben suda urube (jalaran kulite wis dadi awu) banjur Ingsun tambah mulad-mulade (Ingsun ganti kulit anyar, kareben dadi pakane geni neraka)
ذَٰلِكَ جَزَاؤُهُمْ بِأَنَّهُمْ كَفَرُوا بِآيَاتِنَا وَقَالُوا أَإِذَا كُنَّا عِظَامًا وَرُفَاتًا أَإِنَّا لَمَبْعُوثُونَ خَلْقًا جَدِيدًا
Kang menkono iku piwalese wong-wong kafir mau, jalaran anggone dheweke padha kafir (maido) marang ayat-ayatingsun. Lan wong-wong mau padha ngucap, "Apa menawa aku wis dadi balung lemah, apa bener aku bakal ditangekake dadi makhluk anyar
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ قَادِرٌ عَلَىٰ أَنْ يَخْلُقَ مِثْلَهُمْ وَجَعَلَ لَهُمْ أَجَلًا لَا رَيْبَ فِيهِ فَأَبَى الظَّالِمُونَ إِلَّا كُفُورًا
Apa wong-wong iku ora padha sumurup menawa Allah kang wis nitahake langit-langit lan bumi iku, temen kuasa nitahake kaya dheweke (kang semono cilike?). Lan panjenengane ndamel wektu kang ora dimamangake maneh kanggo dheweke (mati utawa Qiyamat), nanging wong-wong kang dzalim banjur ora gelem, kajaba malah saya tambah kufure
قُلْ لَوْ أَنْتُمْ تَمْلِكُونَ خَزَائِنَ رَحْمَةِ رَبِّي إِذًا لَأَمْسَكْتُمْ خَشْيَةَ الْإِنْفَاقِ ۚ وَكَانَ الْإِنْسَانُ قَتُورًا
Dhawuha, "Upama sira kabeh padha nduweni gedong-gedong kanggo nyimpen rakhmate Pangeran Ingsun, yekti sira medhit, jalaran wedi mlarat, lan asal watake manungsa iku kumet
وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَىٰ تِسْعَ آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ ۖ فَاسْأَلْ بَنِي إِسْرَائِيلَ إِذْ جَاءَهُمْ فَقَالَ لَهُ فِرْعَوْنُ إِنِّي لَأَظُنُّكَ يَا مُوسَىٰ مَسْحُورًا
Lan temen Ingsun wis paring marang Musa sangang ayat (mukjizat) kang terang lan gamblang. Sira ndangua marang wong-wong bani Israil, kepriye lakone Fir’aun nalika ditekani Nabi Musa. Fir’aun madoni marang Nabi Musa, "He Musa, panemuku, sira iku wong kang kena sihir
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
