Surah Al-Isra Ayahs #93 Translated in Jawa
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا لِلنَّاسِ فِي هَٰذَا الْقُرْآنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍ فَأَبَىٰ أَكْثَرُ النَّاسِ إِلَّا كُفُورًا
Yekti Ingsun wis bola-bali nerangake ana ing al-Qur’an iki marang para manungsa saka kabeh sanepa, nanging akeh-akehe padha ora gelem nerima, malah banget anggone kufur (mungkir)
وَقَالُوا لَنْ نُؤْمِنَ لَكَ حَتَّىٰ تَفْجُرَ لَنَا مِنَ الْأَرْضِ يَنْبُوعًا
Lan wong-wong kafir padha ngucap, "Kula boten badhe pitados dhateng panjenengan Muhammad, kajawi menawi panjenengan sampun mancuraken toya saking bumi kangge kita sadaya
أَوْ تَكُونَ لَكَ جَنَّةٌ مِنْ نَخِيلٍ وَعِنَبٍ فَتُفَجِّرَ الْأَنْهَارَ خِلَالَهَا تَفْجِيرًا
Utawi panjenengan kagungan kebon kurma utawi anggor lajeng panjenengan mancuraken lepen-lepen wonten ing sela-selaning kebon wau
أَوْ تُسْقِطَ السَّمَاءَ كَمَا زَعَمْتَ عَلَيْنَا كِسَفًا أَوْ تَأْتِيَ بِاللَّهِ وَالْمَلَائِكَةِ قَبِيلًا
Utawi menawi panjenengan ndawuhaken langit dhateng kita secuwil kemawon kados ingkang sampun panjenengan ngedikaaken, utawai panjenengan rawuhaken Allah sarta Malaikat ingkang nyekseni kaleresaning pangandika panjenengan
أَوْ يَكُونَ لَكَ بَيْتٌ مِنْ زُخْرُفٍ أَوْ تَرْقَىٰ فِي السَّمَاءِ وَلَنْ نُؤْمِنَ لِرُقِيِّكَ حَتَّىٰ تُنَزِّلَ عَلَيْنَا كِتَابًا نَقْرَؤُهُ ۗ قُلْ سُبْحَانَ رَبِّي هَلْ كُنْتُ إِلَّا بَشَرًا رَسُولًا
Utawi menawi panjenengan kagungan griya ingkang kadamel saking emas, utawi menawi panjenengan minggah dhateng ing langit, sarta kita boten pitados anggen panjenengan minggah punika kajawi menawi panjenengan nurunaken kitab dhateng kita ingkang badhe kita waos. Muhammad, sira dhawuha, "Maha suci Pangeraningsun. Ora ana liya ingsung iki kajaba mung manungsa kang kautus
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
