Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #92 Translated in Jawa

قُلْ لَئِنِ اجْتَمَعَتِ الْإِنْسُ وَالْجِنُّ عَلَىٰ أَنْ يَأْتُوا بِمِثْلِ هَٰذَا الْقُرْآنِ لَا يَأْتُونَ بِمِثْلِهِ وَلَوْ كَانَ بَعْضُهُمْ لِبَعْضٍ ظَهِيرًا
Sira dhawuha, "Saumpama manungsa lan jin iku kumpul, arep saka kahe anggitan kaya al-Qur’an iki, ora bakal bisa kelakon nekakake kang padha karo al-Qur’an iki, senajan sawenehe padha nulungi marang sawenehe
وَلَقَدْ صَرَّفْنَا لِلنَّاسِ فِي هَٰذَا الْقُرْآنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍ فَأَبَىٰ أَكْثَرُ النَّاسِ إِلَّا كُفُورًا
Yekti Ingsun wis bola-bali nerangake ana ing al-Qur’an iki marang para manungsa saka kabeh sanepa, nanging akeh-akehe padha ora gelem nerima, malah banget anggone kufur (mungkir)
وَقَالُوا لَنْ نُؤْمِنَ لَكَ حَتَّىٰ تَفْجُرَ لَنَا مِنَ الْأَرْضِ يَنْبُوعًا
Lan wong-wong kafir padha ngucap, "Kula boten badhe pitados dhateng panjenengan Muhammad, kajawi menawi panjenengan sampun mancuraken toya saking bumi kangge kita sadaya
أَوْ تَكُونَ لَكَ جَنَّةٌ مِنْ نَخِيلٍ وَعِنَبٍ فَتُفَجِّرَ الْأَنْهَارَ خِلَالَهَا تَفْجِيرًا
Utawi panjenengan kagungan kebon kurma utawi anggor lajeng panjenengan mancuraken lepen-lepen wonten ing sela-selaning kebon wau
أَوْ تُسْقِطَ السَّمَاءَ كَمَا زَعَمْتَ عَلَيْنَا كِسَفًا أَوْ تَأْتِيَ بِاللَّهِ وَالْمَلَائِكَةِ قَبِيلًا
Utawi menawi panjenengan ndawuhaken langit dhateng kita secuwil kemawon kados ingkang sampun panjenengan ngedikaaken, utawai panjenengan rawuhaken Allah sarta Malaikat ingkang nyekseni kaleresaning pangandika panjenengan

Choose other languages: