Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #29 Translated in Jawa

رَبُّكُمْ أَعْلَمُ بِمَا فِي نُفُوسِكُمْ ۚ إِنْ تَكُونُوا صَالِحِينَ فَإِنَّهُ كَانَ لِلْأَوَّابِينَ غَفُورًا
Allah Pangeranira mesthi luwih nguningani kabeh barang kang ana ing batinira. Menawa sira iku padha tumindak becik, satemene Panjenengane iku Maha Pangapura marang wong-wong kang padha bali tobat
وَآتِ ذَا الْقُرْبَىٰ حَقَّهُ وَالْمِسْكِينَ وَابْنَ السَّبِيلِ وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِيرًا
Lan sira menehna sing dadi haqe keluarga, wong miskin, lan wong kang pinuju lelungan (ibnu sabil), lan poma dipoma sira aja ngebreh mbeborosan (nanjakake bandhanira ana ing tindak ma’syiat)
إِنَّ الْمُبَذِّرِينَ كَانُوا إِخْوَانَ الشَّيَاطِينِ ۖ وَكَانَ الشَّيْطَانُ لِرَبِّهِ كَفُورًا
Satemene wong kang ngebreh (mbeborosan) iku dadi sedulure syetan. Ing mangka kahanane syetan iku kafir marang Pangeranira
وَإِمَّا تُعْرِضَنَّ عَنْهُمُ ابْتِغَاءَ رَحْمَةٍ مِنْ رَبِّكَ تَرْجُوهَا فَقُلْ لَهُمْ قَوْلًا مَيْسُورًا
Lan menawa sira (Muhammad) nulak wongkang kudu diwenehi mau jalaran perlu arep golek luwih dhisik kanugrahan kang sira arep-arep saka Pangeranira, iku sira mangsulana kanthi pangucap kang becik
وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُولَةً إِلَىٰ عُنُقِكَ وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُومًا مَحْسُورًا
Lan sira aja ndadekake tanganira kablenggu ana ing gulunira (medhit) lan aja ngegarake banget-banget (aja keloman banget). Jalaran ing mengko sira dadi asor lan papa

Choose other languages: