Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #30 Translated in Jawa

وَآتِ ذَا الْقُرْبَىٰ حَقَّهُ وَالْمِسْكِينَ وَابْنَ السَّبِيلِ وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِيرًا
Lan sira menehna sing dadi haqe keluarga, wong miskin, lan wong kang pinuju lelungan (ibnu sabil), lan poma dipoma sira aja ngebreh mbeborosan (nanjakake bandhanira ana ing tindak ma’syiat)
إِنَّ الْمُبَذِّرِينَ كَانُوا إِخْوَانَ الشَّيَاطِينِ ۖ وَكَانَ الشَّيْطَانُ لِرَبِّهِ كَفُورًا
Satemene wong kang ngebreh (mbeborosan) iku dadi sedulure syetan. Ing mangka kahanane syetan iku kafir marang Pangeranira
وَإِمَّا تُعْرِضَنَّ عَنْهُمُ ابْتِغَاءَ رَحْمَةٍ مِنْ رَبِّكَ تَرْجُوهَا فَقُلْ لَهُمْ قَوْلًا مَيْسُورًا
Lan menawa sira (Muhammad) nulak wongkang kudu diwenehi mau jalaran perlu arep golek luwih dhisik kanugrahan kang sira arep-arep saka Pangeranira, iku sira mangsulana kanthi pangucap kang becik
وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُولَةً إِلَىٰ عُنُقِكَ وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُومًا مَحْسُورًا
Lan sira aja ndadekake tanganira kablenggu ana ing gulunira (medhit) lan aja ngegarake banget-banget (aja keloman banget). Jalaran ing mengko sira dadi asor lan papa
إِنَّ رَبَّكَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ إِنَّهُ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيرًا بَصِيرًا
Satemene Pangeranira iku njembarakae lan ngurpegake rejemi marang wong kang dadi kepareng kersane. Satemene Panjenengane iku Maha Waspada lan Maha Ngudaneni marang para kawulane

Choose other languages: