Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #32 Translated in Jawa

وَإِمَّا تُعْرِضَنَّ عَنْهُمُ ابْتِغَاءَ رَحْمَةٍ مِنْ رَبِّكَ تَرْجُوهَا فَقُلْ لَهُمْ قَوْلًا مَيْسُورًا
Lan menawa sira (Muhammad) nulak wongkang kudu diwenehi mau jalaran perlu arep golek luwih dhisik kanugrahan kang sira arep-arep saka Pangeranira, iku sira mangsulana kanthi pangucap kang becik
وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُولَةً إِلَىٰ عُنُقِكَ وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُومًا مَحْسُورًا
Lan sira aja ndadekake tanganira kablenggu ana ing gulunira (medhit) lan aja ngegarake banget-banget (aja keloman banget). Jalaran ing mengko sira dadi asor lan papa
إِنَّ رَبَّكَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ إِنَّهُ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيرًا بَصِيرًا
Satemene Pangeranira iku njembarakae lan ngurpegake rejemi marang wong kang dadi kepareng kersane. Satemene Panjenengane iku Maha Waspada lan Maha Ngudaneni marang para kawulane
وَلَا تَقْتُلُوا أَوْلَادَكُمْ خَشْيَةَ إِمْلَاقٍ ۖ نَحْنُ نَرْزُقُهُمْ وَإِيَّاكُمْ ۚ إِنَّ قَتْلَهُمْ كَانَ خِطْئًا كَبِيرًا
Lan poma dipoma sira kabeh aja padha mateni anak-anakira, jalaran kuwatir mlarat. Ingsun kang paring rejeki marang dheweke lan paring rejeki marang sira kabeh. Satemene mateni anak-anak iku dosa kang gedhe
وَلَا تَقْرَبُوا الزِّنَا ۖ إِنَّهُ كَانَ فَاحِشَةً وَسَاءَ سَبِيلًا
Lan sira kabeh aja pisan-pisan nyeraki laku zina, Satemene zina iku jember lan dalan kang luwih ala

Choose other languages: