Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #34 Translated in Jawa

إِنَّ رَبَّكَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ إِنَّهُ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيرًا بَصِيرًا
Satemene Pangeranira iku njembarakae lan ngurpegake rejemi marang wong kang dadi kepareng kersane. Satemene Panjenengane iku Maha Waspada lan Maha Ngudaneni marang para kawulane
وَلَا تَقْتُلُوا أَوْلَادَكُمْ خَشْيَةَ إِمْلَاقٍ ۖ نَحْنُ نَرْزُقُهُمْ وَإِيَّاكُمْ ۚ إِنَّ قَتْلَهُمْ كَانَ خِطْئًا كَبِيرًا
Lan poma dipoma sira kabeh aja padha mateni anak-anakira, jalaran kuwatir mlarat. Ingsun kang paring rejeki marang dheweke lan paring rejeki marang sira kabeh. Satemene mateni anak-anak iku dosa kang gedhe
وَلَا تَقْرَبُوا الزِّنَا ۖ إِنَّهُ كَانَ فَاحِشَةً وَسَاءَ سَبِيلًا
Lan sira kabeh aja pisan-pisan nyeraki laku zina, Satemene zina iku jember lan dalan kang luwih ala
وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِي حَرَّمَ اللَّهُ إِلَّا بِالْحَقِّ ۗ وَمَنْ قُتِلَ مَظْلُومًا فَقَدْ جَعَلْنَا لِوَلِيِّهِ سُلْطَانًا فَلَا يُسْرِفْ فِي الْقَتْلِ ۖ إِنَّهُ كَانَ مَنْصُورًا
Lan sira kabeh aja padha mateni awak kang diharamake (diajeni lan dimulyakake) dening Allah (menawa dipateni) kajaba nganggo dalan kang bener. Lan sing sapa kang dipateni kanthi dikaniaya, satemene wong kang dadi waline wis Ingsun paringi wewenang marang wongkang mateni (arep males pati, denda utawa arep angapira iya kena). Poma dipoma waline mau aja keladuk anggone males pati. Satemene wongkang mati dikaniaya iku ditulungi
وَلَا تَقْرَبُوا مَالَ الْيَتِيمِ إِلَّا بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ حَتَّىٰ يَبْلُغَ أَشُدَّهُ ۚ وَأَوْفُوا بِالْعَهْدِ ۖ إِنَّ الْعَهْدَ كَانَ مَسْئُولًا
Lan sira kabeh aja padha cerak-cerak (aja padha wani-wani nganggo) marnag bandhane bocah yatim, kajaba kanthi dalan amrih becik, nganti tumeka mangsane dewasa (baligh). Lan sira padha netepana janji, jalaran satemene janji iku bakal ditagih

Choose other languages: