Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #28 Translated in Jawa

وَاخْفِضْ لَهُمَا جَنَاحَ الذُّلِّ مِنَ الرَّحْمَةِ وَقُلْ رَبِّ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانِي صَغِيرًا
Lan sira kudu di-andhap asor sarta tata krama (ngerpepeh) marang wong tuwanira loro, kang nuduhake rasa katresnan marang wong tuwamu mau. Lan sira nyenyuwuna ing Allah minangka kanggo bektimu marang wong tuwanira, "Dhuh pangeran kawula, mugi Panjenengan paring rahmat dhatng tiyang sepuh kekalih kawula, kados anggenipun sami anggula-wendhah dhateng kawula nalika taksih alit
رَبُّكُمْ أَعْلَمُ بِمَا فِي نُفُوسِكُمْ ۚ إِنْ تَكُونُوا صَالِحِينَ فَإِنَّهُ كَانَ لِلْأَوَّابِينَ غَفُورًا
Allah Pangeranira mesthi luwih nguningani kabeh barang kang ana ing batinira. Menawa sira iku padha tumindak becik, satemene Panjenengane iku Maha Pangapura marang wong-wong kang padha bali tobat
وَآتِ ذَا الْقُرْبَىٰ حَقَّهُ وَالْمِسْكِينَ وَابْنَ السَّبِيلِ وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِيرًا
Lan sira menehna sing dadi haqe keluarga, wong miskin, lan wong kang pinuju lelungan (ibnu sabil), lan poma dipoma sira aja ngebreh mbeborosan (nanjakake bandhanira ana ing tindak ma’syiat)
إِنَّ الْمُبَذِّرِينَ كَانُوا إِخْوَانَ الشَّيَاطِينِ ۖ وَكَانَ الشَّيْطَانُ لِرَبِّهِ كَفُورًا
Satemene wong kang ngebreh (mbeborosan) iku dadi sedulure syetan. Ing mangka kahanane syetan iku kafir marang Pangeranira
وَإِمَّا تُعْرِضَنَّ عَنْهُمُ ابْتِغَاءَ رَحْمَةٍ مِنْ رَبِّكَ تَرْجُوهَا فَقُلْ لَهُمْ قَوْلًا مَيْسُورًا
Lan menawa sira (Muhammad) nulak wongkang kudu diwenehi mau jalaran perlu arep golek luwih dhisik kanugrahan kang sira arep-arep saka Pangeranira, iku sira mangsulana kanthi pangucap kang becik

Choose other languages: