Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #35 Translated in Jawa

حُنَفَاءَ لِلَّهِ غَيْرَ مُشْرِكِينَ بِهِ ۚ وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَكَأَنَّمَا خَرَّ مِنَ السَّمَاءِ فَتَخْطَفُهُ الطَّيْرُ أَوْ تَهْوِي بِهِ الرِّيحُ فِي مَكَانٍ سَحِيقٍ
Temen mligi sumungkem ing Allah ora mangro-tingal. Sing sapa mangro-tingal nyekuthokake Allah klawan liyane iku prasasat tiba saka langit, banjur disamber manuk utawa kabur angin, wusana tiba ing panggonan kang adoh banget (ora kena diarep - arep slamete)
ذَٰلِكَ وَمَنْ يُعَظِّمْ شَعَائِرَ اللَّهِ فَإِنَّهَا مِنْ تَقْوَى الْقُلُوبِ
Satemene iya pancen mengkono. (Kang kasebut saka ngedohi kabeh kotoran lan pangucap batal, goroh, lan printah kang diwajibake marang dheweke). Lan sing sapa kang ngegungake syi’ar - syi’ar (upacara) agamane Allah, satemene kang mengkono iku klebu golongan ati kang taqwa
لَكُمْ فِيهَا مَنَافِعُ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ثُمَّ مَحِلُّهَا إِلَى الْبَيْتِ الْعَتِيقِ
Kewan mau manfa’ati marang sira pirang - pirang perkara, nganti tumeka wektune dibeleh. Sawise tekan wektune, panyebelehe wajib dilaksanani ana ing Mekkah, panggonane Ka’bah padaleman kagungane Allah kang kuna (Baitul ’atiq)
وَلِكُلِّ أُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا لِيَذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُمْ مِنْ بَهِيمَةِ الْأَنْعَامِ ۗ فَإِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ فَلَهُ أَسْلِمُوا ۗ وَبَشِّرِ الْمُخْبِتِينَ
Kabeh ummat zaman kuna kang padha Iman marang Allah, padha Ingsun parengake caos al-Qur’an, lan Ingsun dhawuhi nyebut Asmane Allah nalika nyembeleh raja kaya peparinging Allah. Lan sira bebungaha wong kang padha sumungkem ngestokake prentahing Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga
الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللَّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَالصَّابِرِينَ عَلَىٰ مَا أَصَابَهُمْ وَالْمُقِيمِي الصَّلَاةِ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ
Yaiku wong kang atine konjem nalika nyebut Asmane Allah utawa ana wong nyebut asmane Allah mengkono uga wong kang padha teguh (sabar) atine anggone nandhang kemlaratan, lan wongkang padha tetep anggone nglakoni sholat, lang wong kang padha nanjakake rejeki peparingingsun

Choose other languages: