Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #37 Translated in Jawa

لَكُمْ فِيهَا مَنَافِعُ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ثُمَّ مَحِلُّهَا إِلَى الْبَيْتِ الْعَتِيقِ
Kewan mau manfa’ati marang sira pirang - pirang perkara, nganti tumeka wektune dibeleh. Sawise tekan wektune, panyebelehe wajib dilaksanani ana ing Mekkah, panggonane Ka’bah padaleman kagungane Allah kang kuna (Baitul ’atiq)
وَلِكُلِّ أُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا لِيَذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُمْ مِنْ بَهِيمَةِ الْأَنْعَامِ ۗ فَإِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ فَلَهُ أَسْلِمُوا ۗ وَبَشِّرِ الْمُخْبِتِينَ
Kabeh ummat zaman kuna kang padha Iman marang Allah, padha Ingsun parengake caos al-Qur’an, lan Ingsun dhawuhi nyebut Asmane Allah nalika nyembeleh raja kaya peparinging Allah. Lan sira bebungaha wong kang padha sumungkem ngestokake prentahing Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga
الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللَّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَالصَّابِرِينَ عَلَىٰ مَا أَصَابَهُمْ وَالْمُقِيمِي الصَّلَاةِ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ
Yaiku wong kang atine konjem nalika nyebut Asmane Allah utawa ana wong nyebut asmane Allah mengkono uga wong kang padha teguh (sabar) atine anggone nandhang kemlaratan, lan wongkang padha tetep anggone nglakoni sholat, lang wong kang padha nanjakake rejeki peparingingsun
وَالْبُدْنَ جَعَلْنَاهَا لَكُمْ مِنْ شَعَائِرِ اللَّهِ لَكُمْ فِيهَا خَيْرٌ ۖ فَاذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ عَلَيْهَا صَوَافَّ ۖ فَإِذَا وَجَبَتْ جُنُوبُهَا فَكُلُوا مِنْهَا وَأَطْعِمُوا الْقَانِعَ وَالْمُعْتَرَّ ۚ كَذَٰلِكَ سَخَّرْنَاهَا لَكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Lan unta sarta kebo sapi iku Ingsun parengake kanggo Qur’ban, dadi tanda syi’are agama Islam, agamane Allah, tumrap sira ana kang manfa’ati, ing akhirat pikantuk ganjaran, mulane nalika sira mbeleh khewan mau dijengkengake. SIra nyebuta Asmane Allah. Sawise mbeleh diparingake mangan iwake, lan uga menehana wong miskin kangora gelem njaluk lan kang njaluk. Kewan kang semono gagah perkosane mau Ingsun sungkemake manut sakarepira, supaya sira gelem syukur ing Allah
لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَٰكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ ۚ كَذَٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَاكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِينَ
Daginging kewan kang giwane Qurban lan getihe, iku ora konjuk ing Allah. Dene kang konjuk ing Allah iku penggawe becik klawan gemolonging ati kanthi bektimu (taqwa) ing Allah. mengkono uga Allah ngungkemake unta lan kebo sapi kang gagah perkosane sumana marang sira, supaya sira nyebut Maha Agung marang Allah, awit Allah wis paring pitedah marang sira gama kang bener. Lan bebungaha wong kang padha nglakoni penggawe becik, percaya menawa Allah iku mung sawiji bebungahan bakal pikantuk ganjaran suwarga

Choose other languages: