Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #34 Translated in Jawa

ذَٰلِكَ وَمَنْ يُعَظِّمْ حُرُمَاتِ اللَّهِ فَهُوَ خَيْرٌ لَهُ عِنْدَ رَبِّهِ ۗ وَأُحِلَّتْ لَكُمُ الْأَنْعَامُ إِلَّا مَا يُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ ۖ فَاجْتَنِبُوا الرِّجْسَ مِنَ الْأَوْثَانِ وَاجْتَنِبُوا قَوْلَ الزُّورِ
Wis mengkono kaparenging kersaningsun. Dene sing sapa ngegungake (ngestokake) angger - anggering Allah, iku tumrap ing dheweke luwih becik mungguhing Allah Pangerane. Sira padha diparengake mangan iwake raja-kaya kang mawa dibeleh, kajaba kang wis dilarang. Jalaran saka iku, sira ngedohana kekotoran, yaiku manembah brahala - brahala, lan sira ngedohana ucapan kang batal (golongan roh)
حُنَفَاءَ لِلَّهِ غَيْرَ مُشْرِكِينَ بِهِ ۚ وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَكَأَنَّمَا خَرَّ مِنَ السَّمَاءِ فَتَخْطَفُهُ الطَّيْرُ أَوْ تَهْوِي بِهِ الرِّيحُ فِي مَكَانٍ سَحِيقٍ
Temen mligi sumungkem ing Allah ora mangro-tingal. Sing sapa mangro-tingal nyekuthokake Allah klawan liyane iku prasasat tiba saka langit, banjur disamber manuk utawa kabur angin, wusana tiba ing panggonan kang adoh banget (ora kena diarep - arep slamete)
ذَٰلِكَ وَمَنْ يُعَظِّمْ شَعَائِرَ اللَّهِ فَإِنَّهَا مِنْ تَقْوَى الْقُلُوبِ
Satemene iya pancen mengkono. (Kang kasebut saka ngedohi kabeh kotoran lan pangucap batal, goroh, lan printah kang diwajibake marang dheweke). Lan sing sapa kang ngegungake syi’ar - syi’ar (upacara) agamane Allah, satemene kang mengkono iku klebu golongan ati kang taqwa
لَكُمْ فِيهَا مَنَافِعُ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ثُمَّ مَحِلُّهَا إِلَى الْبَيْتِ الْعَتِيقِ
Kewan mau manfa’ati marang sira pirang - pirang perkara, nganti tumeka wektune dibeleh. Sawise tekan wektune, panyebelehe wajib dilaksanani ana ing Mekkah, panggonane Ka’bah padaleman kagungane Allah kang kuna (Baitul ’atiq)
وَلِكُلِّ أُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا لِيَذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُمْ مِنْ بَهِيمَةِ الْأَنْعَامِ ۗ فَإِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ فَلَهُ أَسْلِمُوا ۗ وَبَشِّرِ الْمُخْبِتِينَ
Kabeh ummat zaman kuna kang padha Iman marang Allah, padha Ingsun parengake caos al-Qur’an, lan Ingsun dhawuhi nyebut Asmane Allah nalika nyembeleh raja kaya peparinging Allah. Lan sira bebungaha wong kang padha sumungkem ngestokake prentahing Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga

Choose other languages: