Surah Al-Baqara Ayahs #101 Translated in Jawa
قُلْ مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِجِبْرِيلَ فَإِنَّهُ نَزَّلَهُ عَلَىٰ قَلْبِكَ بِإِذْنِ اللَّهِ مُصَدِّقًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَهُدًى وَبُشْرَىٰ لِلْمُؤْمِنِينَ
(Muhammad) sira dhawuha, "Sing sapa nyatru Malaikat Jibril, satemene dheweke iku dhawuhake al-Qur’an marang aturira Muhammad, klawan idzine Allah, mbenerake surasane kitab kang ana ing tangane wong kang nyatru mau, lan dadi pituduh tur ambebungah marang para wong mukmin
مَنْ كَانَ عَدُوًّا لِلَّهِ وَمَلَائِكَتِهِ وَرُسُلِهِ وَجِبْرِيلَ وَمِيكَالَ فَإِنَّ اللَّهَ عَدُوٌّ لِلْكَافِرِينَ
Sing sapa nyatru Allah lan nyatru malaikate, lan para utusane, apa dene nyatru Malaikat Jibril, Malaikat Mikail, satemen Allah iku nyatru para wong kafir
وَلَقَدْ أَنْزَلْنَا إِلَيْكَ آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ ۖ وَمَا يَكْفُرُ بِهَا إِلَّا الْفَاسِقُونَ
(Muhammad) Ingsu wis dhawuhake ayat tandha yekti marang sira, ora ana kang maido ayat mau kajaba wong kang padha fasiq (duraka)
أَوَكُلَّمَا عَاهَدُوا عَهْدًا نَبَذَهُ فَرِيقٌ مِنْهُمْ ۚ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ
Apa iya wong iku padha maido ayat? Wong mau saben-saben padha sanggem ngestokaken pranjanjianing Pangeran, kang sagolongan banjur ngudhari sesanggeman mau, dadi wong mau kang akeh padha ora percaya
وَلَمَّا جَاءَهُمْ رَسُولٌ مِنْ عِنْدِ اللَّهِ مُصَدِّقٌ لِمَا مَعَهُمْ نَبَذَ فَرِيقٌ مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ كِتَابَ اللَّهِ وَرَاءَ ظُهُورِهِمْ كَأَنَّهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Nalikane ana utusan saka ngarsane Allah ngrawuhi para wong Yahudi, ndawuhake mbenerake kaya unine kitab Taurat cecekelane wong Yahudi mau, ing kono banjur ana wong sagolongan, ewone wong kang padha nyekel kitab Taurat padha mbubrah kitabe Allah (Taurat) disingkur ana ing mburine gegere. Wong iku rupane kaya pada ora mangerti
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
