Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #83 Translated in Jawa

فَوَيْلٌ لِلَّذِينَ يَكْتُبُونَ الْكِتَابَ بِأَيْدِيهِمْ ثُمَّ يَقُولُونَ هَٰذَا مِنْ عِنْدِ اللَّهِ لِيَشْتَرُوا بِهِ ثَمَنًا قَلِيلًا ۖ فَوَيْلٌ لَهُمْ مِمَّا كَتَبَتْ أَيْدِيهِمْ وَوَيْلٌ لَهُمْ مِمَّا يَكْسِبُونَ
Siksa kang banget iku tumrap wong kang padha nulis kitab nganggo tangane dhewe, banjur ngucap iki kitab terang saka ngersane Allah, karepe supaya payu dadi kanggo nuku barang kang sithik regane. Mulane siksa kang banget iku tumrap wong kang mengkono mau, minangkan patrapane anggone tangane padha nulis, lan siksa mau dadi minangka patraning tumindake
وَقَالُوا لَنْ تَمَسَّنَا النَّارُ إِلَّا أَيَّامًا مَعْدُودَةً ۚ قُلْ أَتَّخَذْتُمْ عِنْدَ اللَّهِ عَهْدًا فَلَنْ يُخْلِفَ اللَّهُ عَهْدَهُ ۖ أَمْ تَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Wong Yahudi Kang padha munafiq padha ngucap, "Aku mangsa kacemplunga neraka, kajaba mung sawatara dina wae." Muhammad, sira dhawuha, "Pangucapmu iku apa oleh janji saka ngarsaning Allah, apa jaragan ngucapake barang kang ora sira sumerepi, sira kandhakake saka Allah
بَلَىٰ مَنْ كَسَبَ سَيِّئَةً وَأَحَاطَتْ بِهِ خَطِيئَتُهُ فَأُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
O, iya sing sapa nglakoni ala, sarta tindake mau nglimputi awake, wong kang mengkono mau mesthi padha manggon ing neraka, anggone anaing kono padha langgeng
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Dene wong kang padha percaya ing Allah sarta padha nglakoni kebecikan wong kang mengkono mau padha pikantuk suwarga. Anggone ana ing suwarga bakal padha langgeng
وَإِذْ أَخَذْنَا مِيثَاقَ بَنِي إِسْرَائِيلَ لَا تَعْبُدُونَ إِلَّا اللَّهَ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَقُولُوا لِلنَّاسِ حُسْنًا وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ ثُمَّ تَوَلَّيْتُمْ إِلَّا قَلِيلًا مِنْكُمْ وَأَنْتُمْ مُعْرِضُونَ
Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemane para turuning Israil (bani israil), pangandikaningsun, "Sira aja padha manembah saliyane Allah, lan padha ambecikana wongtuwanira loro lan para sedulurira, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan becikana pangucapira mrang sapapadhanira, lan padha nglakonana shalat lan padha bayara zakat." Sawise sira padha sanggem, sira banjur padha mbalik kajaba mung kancanira sawatara, sira padha mlengos

Choose other languages: