Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #58 Translated in Jawa

وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ يَا قَوْمِ إِنَّكُمْ ظَلَمْتُمْ أَنْفُسَكُمْ بِاتِّخَاذِكُمُ الْعِجْلَ فَتُوبُوا إِلَىٰ بَارِئِكُمْ فَاقْتُلُوا أَنْفُسَكُمْ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ عِنْدَ بَارِئِكُمْ فَتَابَ عَلَيْكُمْ ۚ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ
Lan padha elinga nalika (nabi) Musa parentah marang para kaume, "He para kaumku! Satemene sira iku padha nganiaya marang awakmu dhewe, amarga anggonmu padha ngedekake (gawe) Pangeran awujud sapi. Mulane padha tobata marang kang nithahake awakmu, banjur sumaraha awakmu dipateni, keparening Pangeran kang nitahake awakmu. Pangeran bakal nampani tobatira. Satemene Pangeran iku gedhe pangapurane tur Maha Asih
وَإِذْ قُلْتُمْ يَا مُوسَىٰ لَنْ نُؤْمِنَ لَكَ حَتَّىٰ نَرَى اللَّهَ جَهْرَةً فَأَخَذَتْكُمُ الصَّاعِقَةُ وَأَنْتُمْ تَنْظُرُونَ
Lan (sira padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuh (Nabi) Musa! Kula samo mboten pitados ing panjenengan kajawi manawi kula sami ningali Dzating Allah kalayan kasat mata". Nuli ana bledhek nyamber mateni sira. Sira iya padha andheleng
ثُمَّ بَعَثْنَاكُمْ مِنْ بَعْدِ مَوْتِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Sawise sira padha mati nuli padha Ingsun uripake maneh, supaya sira ngaturake panuwun
وَظَلَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْغَمَامَ وَأَنْزَلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوَىٰ ۖ كُلُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ ۖ وَمَا ظَلَمُونَا وَلَٰكِنْ كَانُوا أَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ
Lan maneh Ingsun mayungi marang sira kalawan mega. Apadene Ingsun nurunake Manna (abon kang legi), lan salwa (manuk gemak), dhawuh Ingsun, "Mara padha mangana peparing Ingsun rejeki kang enak". Para turuning Israil (Bani Israil) anggone padha duraka ora nganiaya marang Ingsun, nanging malah padha nganiaya marang awake dhewe
وَإِذْ قُلْنَا ادْخُلُوا هَٰذِهِ الْقَرْيَةَ فَكُلُوا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ رَغَدًا وَادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَقُولُوا حِطَّةٌ نَغْفِرْ لَكُمْ خَطَايَاكُمْ ۚ وَسَنَزِيدُ الْمُحْسِنِينَ
Lan (padha elinga) nalika Ingsan ngendika, "He para turune Israil! Sira padha melebua ing desa iki, banjur padha mangana isine ing kono sakarepira, lan padha melebua lawange desa mau sarta sujud, lan padha ngucapa mengkene: KHITHTHAH(mugi Panjenengann bebasaken kula saking dosa). Ingsun mesthi ngapura marang sira kabeh sakehing kaluputanira. Dene wong kang becik pangabektine bakal Ingsun tambahi kebecikan

Choose other languages: