Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #60 Translated in Jawa

ثُمَّ بَعَثْنَاكُمْ مِنْ بَعْدِ مَوْتِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Sawise sira padha mati nuli padha Ingsun uripake maneh, supaya sira ngaturake panuwun
وَظَلَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْغَمَامَ وَأَنْزَلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوَىٰ ۖ كُلُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ ۖ وَمَا ظَلَمُونَا وَلَٰكِنْ كَانُوا أَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ
Lan maneh Ingsun mayungi marang sira kalawan mega. Apadene Ingsun nurunake Manna (abon kang legi), lan salwa (manuk gemak), dhawuh Ingsun, "Mara padha mangana peparing Ingsun rejeki kang enak". Para turuning Israil (Bani Israil) anggone padha duraka ora nganiaya marang Ingsun, nanging malah padha nganiaya marang awake dhewe
وَإِذْ قُلْنَا ادْخُلُوا هَٰذِهِ الْقَرْيَةَ فَكُلُوا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ رَغَدًا وَادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَقُولُوا حِطَّةٌ نَغْفِرْ لَكُمْ خَطَايَاكُمْ ۚ وَسَنَزِيدُ الْمُحْسِنِينَ
Lan (padha elinga) nalika Ingsan ngendika, "He para turune Israil! Sira padha melebua ing desa iki, banjur padha mangana isine ing kono sakarepira, lan padha melebua lawange desa mau sarta sujud, lan padha ngucapa mengkene: KHITHTHAH(mugi Panjenengann bebasaken kula saking dosa). Ingsun mesthi ngapura marang sira kabeh sakehing kaluputanira. Dene wong kang becik pangabektine bakal Ingsun tambahi kebecikan
فَبَدَّلَ الَّذِينَ ظَلَمُوا قَوْلًا غَيْرَ الَّذِي قِيلَ لَهُمْ فَأَنْزَلْنَا عَلَى الَّذِينَ ظَلَمُوا رِجْزًا مِنَ السَّمَاءِ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
Dene wong kang padha nganiaya (padha nyalahi tembung khiththa kelawan pangucap ora didhawuhake dening Allah marang para turuning Israil mau). Mulane Ingsun banjur nurunake siksa saka ing langit marang wong kang nganiaya mau, marga anggone padha fasiq
وَإِذِ اسْتَسْقَىٰ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ فَقُلْنَا اضْرِبْ بِعَصَاكَ الْحَجَرَ ۖ فَانْفَجَرَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًا ۖ قَدْ عَلِمَ كُلُّ أُنَاسٍ مَشْرَبَهُمْ ۖ كُلُوا وَاشْرَبُوا مِنْ رِزْقِ اللَّهِ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ
Lan (padha elinga) nalika Nabi Musa nyuwunake ngombe para kaume, Ingsun banjur dhawuh, "He Musa, Tekenmu johohna ing watu, sawise dijojoh sanalika watu mau banjur ngetokake banyu dadi pancuran, siji-sijine wong banjur padha weruh pangombene dhewe-dhewe". Pangandikaningsun, "Sira padha mangana lan ngombea rejeki peparinging Allah, lan aja padha gawe rusak ana ing bumi

Choose other languages: