Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #169 Translated in Jawa

وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يَتَّخِذُ مِنْ دُونِ اللَّهِ أَنْدَادًا يُحِبُّونَهُمْ كَحُبِّ اللَّهِ ۖ وَالَّذِينَ آمَنُوا أَشَدُّ حُبًّا لِلَّهِ ۗ وَلَوْ يَرَى الَّذِينَ ظَلَمُوا إِذْ يَرَوْنَ الْعَذَابَ أَنَّ الْقُوَّةَ لِلَّهِ جَمِيعًا وَأَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعَذَابِ
Lan sawenehing manungsa ana kang ngedegake sesembahan saliyane Allah. Wong-wong mau padha seneng ing sesembahan mau kayadene senenge marang Allah. Ananging wong-wong kang padha Mukmin luwih banget senenge marang Allah, lan saupama wong-wong kang padha nganiaya iku padha weruh nalika dheweke padha ndeleng siksa dheweke padha mangerti menawa kekuawatan kabeh iku kagungane Allah piyambak lan satemene Allah iku abot panyiksane
إِذْ تَبَرَّأَ الَّذِينَ اتُّبِعُوا مِنَ الَّذِينَ اتَّبَعُوا وَرَأَوُا الْعَذَابَ وَتَقَطَّعَتْ بِهِمُ الْأَسْبَابُ
Nalikane wong-wong kang padha diturut padha selak (ora ngakoni) saka wong-wong kang padha manut, lan dheweke padha weruh siksa, lan uga pedhot tetalining paguyuban
وَقَالَ الَّذِينَ اتَّبَعُوا لَوْ أَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَتَبَرَّأَ مِنْهُمْ كَمَا تَبَرَّءُوا مِنَّا ۗ كَذَٰلِكَ يُرِيهِمُ اللَّهُ أَعْمَالَهُمْ حَسَرَاتٍ عَلَيْهِمْ ۖ وَمَا هُمْ بِخَارِجِينَ مِنَ النَّارِ
Lan ature wong-wong kang padha manut: "Saupami kita sadaya punika sami kenging wangsul dhateng donya malih, temtu kita sadaya badhe selak saking piyambakipun kados piyambakipun selak saking kita sadaya". Mengkono iku Allah meruhake ing wong-wong mau kabeh amale, wong-wong mau padha getun lan ora bisa metu saka ing neraka
يَا أَيُّهَا النَّاسُ كُلُوا مِمَّا فِي الْأَرْضِ حَلَالًا طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ
He para manungsa! Sira padha mangana kabeh barang kang ana ing bumi kang halal sarta becik, lan sira aja padha manut tinda-tanduking syetan, jalaran syetan iku mungsuh kang terang tumrap sira kabeh
إِنَّمَا يَأْمُرُكُمْ بِالسُّوءِ وَالْفَحْشَاءِ وَأَنْ تَقُولُوا عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Satemene dheweke perintah ing sira supaya sira padha nindakake laku ala lan panggawe jember, lan supaya sira padha ngucapake ing Allah barang kang sira ora padha mangerti

Choose other languages: