Surah Al-Baqara Ayahs #170 Translated in Jawa
إِذْ تَبَرَّأَ الَّذِينَ اتُّبِعُوا مِنَ الَّذِينَ اتَّبَعُوا وَرَأَوُا الْعَذَابَ وَتَقَطَّعَتْ بِهِمُ الْأَسْبَابُ
Nalikane wong-wong kang padha diturut padha selak (ora ngakoni) saka wong-wong kang padha manut, lan dheweke padha weruh siksa, lan uga pedhot tetalining paguyuban
وَقَالَ الَّذِينَ اتَّبَعُوا لَوْ أَنَّ لَنَا كَرَّةً فَنَتَبَرَّأَ مِنْهُمْ كَمَا تَبَرَّءُوا مِنَّا ۗ كَذَٰلِكَ يُرِيهِمُ اللَّهُ أَعْمَالَهُمْ حَسَرَاتٍ عَلَيْهِمْ ۖ وَمَا هُمْ بِخَارِجِينَ مِنَ النَّارِ
Lan ature wong-wong kang padha manut: "Saupami kita sadaya punika sami kenging wangsul dhateng donya malih, temtu kita sadaya badhe selak saking piyambakipun kados piyambakipun selak saking kita sadaya". Mengkono iku Allah meruhake ing wong-wong mau kabeh amale, wong-wong mau padha getun lan ora bisa metu saka ing neraka
يَا أَيُّهَا النَّاسُ كُلُوا مِمَّا فِي الْأَرْضِ حَلَالًا طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ
He para manungsa! Sira padha mangana kabeh barang kang ana ing bumi kang halal sarta becik, lan sira aja padha manut tinda-tanduking syetan, jalaran syetan iku mungsuh kang terang tumrap sira kabeh
إِنَّمَا يَأْمُرُكُمْ بِالسُّوءِ وَالْفَحْشَاءِ وَأَنْ تَقُولُوا عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Satemene dheweke perintah ing sira supaya sira padha nindakake laku ala lan panggawe jember, lan supaya sira padha ngucapake ing Allah barang kang sira ora padha mangerti
وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ اتَّبِعُوا مَا أَنْزَلَ اللَّهُ قَالُوا بَلْ نَتَّبِعُ مَا أَلْفَيْنَا عَلَيْهِ آبَاءَنَا ۗ أَوَلَوْ كَانَ آبَاؤُهُمْ لَا يَعْقِلُونَ شَيْئًا وَلَا يَهْتَدُونَ
Lan nalikane wong kafir padha didhawuhi: "Sira padha ndhereka barang kang wis diturunake dening Allah", wong-wong mau padha matur: "Kita sami ndherek punapa ingkang sampun kita panggih, sarta dipun tindakaken deing para tetiyang sepuh sedaya". Dhawuhing Allah: "Apa senajan wong tuwane mau ora padha mangerti apa-apa sarta ora padha oleh pituduh
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
