Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #19 Translated in Jawa

اللَّهُ يَسْتَهْزِئُ بِهِمْ وَيَمُدُّهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ
Allah males marang si munafiq kabeh anggone padha anggeguyu, lan nyrantekake si munafiq kabeh anggone padha andadra kelawan padha mandheg tumoleh
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ اشْتَرَوُا الضَّلَالَةَ بِالْهُدَىٰ فَمَا رَبِحَتْ تِجَارَتُهُمْ وَمَا كَانُوا مُهْتَدِينَ
Wong munafiq iku wong kang padha kulak sasar dituku kelawan pituduh (milih sasar nampik pituduh), dado dagangane si munafiq ora bisa bathi (begja). wong munafiq padha ora oleh pituduh
مَثَلُهُمْ كَمَثَلِ الَّذِي اسْتَوْقَدَ نَارًا فَلَمَّا أَضَاءَتْ مَا حَوْلَهُ ذَهَبَ اللَّهُ بِنُورِهِمْ وَتَرَكَهُمْ فِي ظُلُمَاتٍ لَا يُبْصِرُونَ
Sanepane wong munafiq iku kaya upamane wong kang ngurubake geni ana ing pepeteng, bareng urubing geni mau wis madhangi ing kiwa tengene, Allah nuli mateni geni mau, pepadhang banjur sirna, Allah ninggal si munafiq ana ing pepeteng kang ndhedhet, ora bisa weruh apa-apa
صُمٌّ بُكْمٌ عُمْيٌ فَهُمْ لَا يَرْجِعُونَ
Wong munafiq iku tuli, tur bisu, sarta wuta, dadi wong munafiq mau padha ora gelem ambalik saka sasare
أَوْ كَصَيِّبٍ مِنَ السَّمَاءِ فِيهِ ظُلُمَاتٌ وَرَعْدٌ وَبَرْقٌ يَجْعَلُونَ أَصَابِعَهُمْ فِي آذَانِهِمْ مِنَ الصَّوَاعِقِ حَذَرَ الْمَوْتِ ۚ وَاللَّهُ مُحِيطٌ بِالْكَافِرِينَ
Utawa sanepane maneh kaya upamane wong kudanan, sajerone udan mau ana pepeteng lan bledhek tuwin kilat, wong munafiq padha nyumpelake drijine ana ing kupinge, supaya aja nganti krungu jumeblesing bledheg. Kuwasane Allah nglimputi wong kafir kabeh

Choose other languages: